Tradhisi Penganten ing Desa Ciampel
Desa
Ciampel, Kecamatan Kersana, Kabupaten Brebes, saben taunipun ngawontenake
tradhisi penganten tebu. Tradhisi penganten tebu menika dipun laksanakake sasi
April, panggonanipun wonten ing lapangan pabrik gula rajawali ingkang wonten
ing Desa Ciampel. Sedaya karyawan pabrik gula lan sedaya warga Ciampel lan
sanes-sanesipun bebarengan nyengkuyung tradhisi kasebut.
Tradhisi
penganten tebu menika dipun pandegani dening aki lengser utawi pemandu acara,
lan dipun sengkuyung dening para warga Desa Ciampel, kathah para warga ingkang
nonton lan ngramekake acara kasebut lan wonten tiyang ingkang remen sanget
nalika adicara penganten tebu kalampahan inggih menika sedaya karyawan pabrik
gula, marga para karyawan sampun boten sabar kangge nampa gula ingkang dados
kasil piyambakipun nandur.
Lajeng
salebeting tradhisi penganten tebu menika wonten pelaku kaya dene:
§ 1 aki lengser inggih menika tiyang ingkang dados
pemandu utawa emsi ing adicara penganten tebu.
§ 8 pager ayu utawa tiyang estri ingkang bakal
ngiring sepasang penganten tebu menika dumugi panggon penggilingan.
§ 17 tiyang jaler ingkang dados tebu pengiring inggih
menika tiyang ingkang ngiring lan ngarak sepasang penganten tebu menika
wiwit lapangan pabrik gula dumugi pangggon kangge giling tebu kasebut.
§ 1 tiyang ingkang dados penabuh gending, kecapi,
suling, lan sapiturute ingkang ancasipun kangge meriahake adicara penganten
tebu.
§ Sepasang penganten ingkang dados simbol adicara
penganten tebu menika.
Tatacara upacara penganten tebu menika kalampahan setaun sapisan padatanipun
saben sasi April amarga sasi menika sedaya tebu sampun saged dipun giling utawa
sampun saged dipun panen, upacara penganten tebu dipun wiwiti kaliyan donga
sesarengan ingkang dipun pandegani dening aki lengser, sambutan ketua panitia
babagan tradhisi penganten tebu ingkang saged kalampahan, lajeng pasugatan
saking para warga kaya dene tari-tarian, kesenian burok, ingkang ancasipun
kangge tontonan supados adicara menika rame, kaping pungkasan inggih menika
adicara kirab utawa ngarak sepasang penganten lan tebu-tebu dumugi panggon
penggilingan.
Ancasipun tradhisi penganten tebu dados ucapan rasa syukur kaliyan Gusti dening
kasil panen ingkang dipun angsal, lajeng tradhisi penganten tebu ugi dados
simbol kangge nyuwun berkah lan kaslamatan mugi kasil penggilangan tebu dados
gula menika kedah sae lan pikanthuk kasil ingkang kathah dibandingkake taun
kapungkur, tradhisi penganten tebu menika sejatosipun gadhahi benten-benten
tatacara, pelaku, lan sanes-sanesipun saben daerah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar