GARUDA PUTIH
Dening : Suparto Brata
Garuda Putih yaiku durjana kang kondhang ing Surabaya.
Akeh kadurjanan kang wis dilakokake. Ananging angel banget dicekel dening para
polisi. Garuda Putih wis suwe dadi buronane polisi. Nanging dhweke julig,
tansah nduweni cara kang cerdhik nalika gawe tindak kadurjanan
Kadurjanan keri dewe kang dilakokake dening Garuda
Putih yaitu kasus Abisuna kang mati diprejaya Garuda Putih. Sadurunge Garuda
Putih wis gawe kadurjanan gedhe ing Surabaya, dadi maling ana ing toko
rajabranane Pak Suryapringga, Surabaya. Dheweke bisa njukuk bandha kang akeh
tanpa bisa dicekel polisi. Sawise ngrampok Garuda Putih ninggal pesen kang
tulisane “Sing njukuk aku, Garuda Putih!” ana ing serbet hotel ajeneng Hotel
Argadalu. Polisi ngerasa ketantang ditinggali layang kaya ngono dening Garuda
Putih. Karepe polisi nyekel Garuda Putih saya memba-memba.
Kasus kadurjanan ing toko rajabranane Pak Suryapringga
durung beres, teka meneh kadurjanan dening Garuda Putih kang kasil mrejaya
wong selingkuh ana ing Hotel Tretes ajeneng Abisuna. Polisi digawe budreg
maneh. Garuda Putih ra kecekel.
Abisuna yaitu salah sawijining pejabat pamrentah kang
lagi tugas ana ing dhaerah cedhak Tretes. Abisuna pamit marang bojone arep
lunga kaprelu tugas kepara seminggu, ananging malah nggawa wong wadon liya turu
ana ing Hotel Argadalu, Tretes. Wong wadon iku jenenge Emi. Wong wadon
langganan kang wis biasa dikontrak gawean ngancani turu wong liya. Ananging
bojone Abisuna wis kongkon marang Bagus Pamutih supaya ngawat-awati
tindak-tanduke Abisuna ana ing Hotel Argadalu. Bagus Pramutih uga dadi sasaran
wong sing mrejaya Abisuna amarga pas mati, dheweke lagi nginep neng hotel kono
kanthi kaprelu ngawat-awati Abisuna.
Abisuna katemokake mati dikendhat ana ing ngara-ara
mburi hotel dening Manik lan Wicaksana, kang padha-padha dadi tamu hotel. Ana
ing njero klambine Abisuna ana pesen kang tulisane “Paukumane kanggo wong
slingkuh”. Tulisane iku persis karo tulisan ana ing pesene Garuda Putih nalika
ngrampok toko rajabranane Pak Suryapringga. Iku ngapa sebabe kang disujana dadi
pelakune yaiku Garuda Putih.
Pihak kepolisian kang dipimpin Kapten Muhajir digawe
budreg maneh anggone ngrampungke perkara iki merga bukti kang diduweni ya mung
padhane tulisan kang dinggo ngirim layang ana ing kadurjanane Garuda Putih.
Pihak kepolisian kang ngrampungke perkara iki diewangi dening detektip
kondhang, yaiku Detektip Handaka kang wasis anggone mbedhah perkara-perkara
kadurjanan.
Detektip Handaka nyujani tunangane Rara Sumarni, yaitu
Guritno. Rara Sumarni yaiku penakane Suhud kang nduweni hotel Argadalu.
Perangane persis Garuda Putih sanajan jenenge disamar dadi Guritno. Detektip
Handaka nyujani yen anggone nglakokake tindak kadurjanan Garuda Putih kui liwat
Rara Sumarni kang cedhak karo wong-wongane hotel Argadalu.
Ananging kui mau mung lagi dadi sujanane pihak
kepolisian lan Detektip Handaka. Ceritane gumantung amarga durung ana bukti
kang kuat kanggo nyekel Garuda Putih.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar