Jumat, 09 Januari 2015

ANOMAN OBONG

ANOMAN OBONG


             Anoman Duta nyariosaken lelampahanipun Raden Anoman inggih Senggana ingkang dipun utus ratu gustinipun Prabu Ramawijaya, nata ing negari Pancawati, supados nakyinaken kawontenanipun Rekyan Wara Sinta ingkang dipundustha déning Prabu Dasamuka inggih Rahwana, nata ing negari Ngalengkadiraja, saperlu badhe dipun garwa Anoman. Anoman anggenipun lumawat wonten ing negari Ngalengka dipun kantheni dening para anila, jembawan, sumawana, Bagong lan dipun biyantu dening kadhang Bayu. Alangan nalika Anoman tumuju ing negari Ngalengka lampahipun kepalang samudra. Anoman lajeng dipun tulungi dening Gunung Maenaka kanthi dipun uncalaken saking pucuking redhi tumuju ing negari Ngalengka. Nalika wonten ing gegana, Anoman kraos dipun serot saking salebeting samodra saengga lumebet ing samodra. Pranyata Anoman dalah para punakawan dipun serot dening Ditya Wil Kathaksini lan lajeng kaunthal lumebet ing wadhukipun raseksa prajineman Ngalengka menika. Wadhuk lajeng kasudhet mawi kuku Waja. Anoman lajeng nerusaken lampahipun. Diracun Sasampunipun Anoman dumugi ing tepis wiringing negari Ngalengka, Anoman dalah para punakawan kraos luwe sanget, tumuli lajeng sami padhos warung. Dumadakan ing mriku wonten satunggaling warung ingkang mandhe woh-wohan lan dhaharan saha unjukan. Ingkang mandhe awujud wanitya ingkang sanget sulistya ing warni. Anoman saha para Punakawan lajeng sami jajan wonten ing mriku. Lan sajakipun Anoman ingkang wekdhal menika taksih mujudaken jaka-tumaruna ugi lajeng kepranan kaliyan ingkang mandhe, wusana ngantos dumados sesambetan saresmi kaliyan wanita menika. Sareng cekap anggenipun sami suka pari suka, Anoman dalah para Punakawan lajeng pamit badhe nglajengaken lampah. Nanging dereng nganthos Anoman tebih saking papan mriku, dumadakan Anoman lan para Punakawan paningalipun sami mboten saget kangge ndhulu saengga dados wutha. Jalaran wanita ing sesadheyan menika jebulipun garwa seliripun Prabu Dasamuka ingkang sesilih Dewi Sayempraba ingkang pancen dipun utus dening Prabu Dasamuka supados ngalang-alangi tetiyang ingkang dados dutanipun Prabu Rama. Woh-wohan saha dhaharan ingkang dipun tedha dening Anoman tuwin para Punakawan menika pranyata sampun dipun paringi racun ingkang saget anjalari wuta tiyang ingkang nedha.                  Mila Anoman dalah para Punakawan ugi lajeng nandhang wutha. Anoman dalah para Panakawan ugi lajeng sami tetangisan nggetuni dumateng lelampahanipun ingkang nembe kemawon dipun lampahi. Anoman dalah para Punakawan ugi lajeng sami mbacutaken lampahipun senajan grayah-grayah amargi mboten sumerep margi. Garuda Kacarita ing tengah margi, Anoman kepanggih kaliyan Garuda Sempati kadhangipun Garudha Jatayu ingkang sampun sirna dipun pejahi dening Prabu Dasamuka rikala badhe mitulungi Dewi Sinta ingkang dipun dustha Dasamuka kanthi ngambah ing gegana.Garuda Jatayu sirna kasabet pedhang Menthawa dening Prabu Dasamuka. Sasirnanipun Jatayu, Dewi Sinta lajeng dipun betha wangsul Prabu Dasamuka tumuju ing Ngalengka lan lajeng dipun papanaken ing Taman Argasoka ingkang dipun jagi para prajineman Ngalengkadiraja ingkang wujud raseksa. Bandayuda Wangsul bab Anoman ingkang sampun pianggih kaliyan Garudha Sempati. Anoman dalah para Panakawan lajeng dipun usadhani kaliyan Garudha Sempati saengga saget mriksani malih. sasampunipun lerem sawetawis ing papan mriku, Anoman lajeng nglajengaken lampah tumuju ing negari Ngalengka. Tindhakipun Anoman nglangkungi margi ingkang alus sanget pindha babut. Nanging jebulipun sanes margi ingkang limrah nanging  ilatipun Ditya Ilatmeja inggih Wil Kathaksa ingkang dipun gelar saengga Anoman mboten nglegewa menawi lumebet tutukipun yaksa menika. Sareng sampun dumugi wadhukipun Ditya Ilatmeja, Raden Anoman nembe sadar menawi sampun wonten wadhukipun yaksa. Lajeng dipun bedhah mawi kuku Waja. Ditya Ilatmeja sirna margalayu amargi wadhukipun jebol. Taman Asoka Anoman nglajengaken lampah. Sareng dumugi baluwerti Ngalengkadiraja, Anoman lajeng mlebet wonten ing Taman Asoka kanthi mlumpati baluwerti manggihi Rekyan Wara Sinta. Anoman lajeng sesingidan wonten ing wit Nagasari saperlu ngulati kawontenan murih sampun nganthos kesumerepan dumateng para yaksa prajineman. Sareng kawontenan sampun sepen, Anoman lajeng tetembangan ing mriku saengga kepireng Dewi Trijatha. Dewi Trijatha ugi lajeng nyaketi suwanten menika kang mboten sanes suwantenipun Anoman. Anoman sumerep Dewi Tijatha nalika nandhang asmara. Trijata wuyung nyumurupi wonten riwandha ingkang ulesipun putih memplak kadhos kapas,Dewi Trijatha sanget kesengsem. Anoman lajeng dipunlus-lus kanthi dipunpangku saengga Anoman nganthos mijil kamanipun lan dumawah wonten pangkonipun Dewi Trijatha. Kama lajeng dipun usap lan dipun bucal ing bengawan. Kamanipun Anoman korut wonten bengawan, lajeng diopeni dening Dewi Pratalawati ing negari Guwa Pratala ingkang ing tembenipun lajeng dados jabang bayi wujud wanara seta ingkang dipun paringi nami Raden Trigangga inggih Triyangga. Trigangga ugi lajeng dipun angkat putra ingkang kekalih. Anoman ingkang nembe lumebet ing Taman Asoka. dening Dewi Trijatha, Anoman lajeng dipun sowanaken dateng Dewi Sinta. Anoman lajeng maringaken sesotya agemipun Prabu Ramawijaya .               Menawi Sesotya menika dipunagem Dewi Sinta. Lan kabukten sesotya menika ugi pas dipun agem wonten dirijipun Rekyan Wara Sinta ingkang nedhahaken bilih Dewi Sinta taksih suci. Dewi Sinta lajeng maringi ageman susuk kondhe kangge pralambang bilih Dewi Sinta ngajeng-ngajeng rawuhipun Prabu Ramawijaya. Nalika Anoman nembe wawan pangandhikan bab kasugenganipun Prabu Ramawijaya dalah ingkang rayi Raden Laksmana Widagda, tuwin para pawana Pancawati, dumadakan kapriksan para prajurit Ngalengka. Anoman lajeng dipun cepeng nanging bonggo. Wusana ndadosaken bandayuda. Anoman saget kapikut dening Raden Indrajid inggih Meganandha, lajeng dipun sowanaken wonten ngarsanipun Prabu Dasamuka. Anoman lajeng kapidhana pejah kanthi dipun obong wonten ing alun-alun Ngalengka. Nalika dipun besem, eloking kawontenan, Anoman mboten saget tumama, malah grama ingkang kinarya mbesem Anoman menika dipun awut-awut saengga Kraton Ngalengka kobong, Anoman tumuli nglajengaken lampah saperlu wangsul sowan wonten ngarsanipun Prabu Ramawijaya. Ing tepis wiringing samudra ingkang misahaken Nagari Ngalengka kaliyan Pancawati, Anoman manggihi satunggaling tiyang ingkang kapidhara mbothen imut purwa duksina. sareng dipun usadani, pranyata tiyang menika mboten sanes kejawi raden Wibisana ingkang dipun kepruk paidhon amargi sampun wantun caos atur pamrayogi supados Rekyan Wara Sinta dipun kondhuraken dumateng Prabu Rama. Salajengipun Raden Wibisana dipunkanthi Raden senggana sowan wonten ing Pancawati. Ing mriku Wibisana minangka kadhang anemipun Prabu Ramawijaya lan dipun paringi jejibahan minangka dados penasehat raja. Inggih amargi saking pamrayoginipun Wibisana menika, tundhanipun para wadyabala tuwin senopati- senopati Ngalengka saget dipun wuningani anggeranipun saengga saget dipun sirnakaken kalebet Prabu Dasamuka ugi. Anoman Duta nyariosaken lelampahanipun Raden Anoman inggih Senggana ingkang dipun utus ratu gustinipun Prabu Ramawijaya, nata ing negari Pancawati, supados nakyinaken kawontenanipun Rekyan Wara Sinta ingkang dipundustha déning Prabu Dasamuka inggih Rahwana, nata ing negari Ngalengkadiraja, saperlu badhe dipun garwa Anoman. Anoman anggenipun lumawat wonten ing negari Ngalengka dipun kantheni dening para anila, jembawan, sumawana, Bagong lan dipun biyantu dening kadhang Bayu. Alangan nalika Anoman tumuju ing negari Ngalengka lampahipun kepalang samudra. Anoman lajeng dipun tulungi dening Gunung Maenaka kanthi dipun uncalaken saking pucuking redhi tumuju ing negari Ngalengka. Nalika wonten ing gegana, Anoman kraos dipun serot saking salebeting samodra saengga lumebet ing samodra. Pranyata Anoman dalah para punakawan dipun serot dening Ditya Wil Kathaksini lan lajeng kaunthal lumebet ing wadhukipun raseksa prajineman Ngalengka menika. Wadhuk lajeng kasudhet mawi kuku Waja. Anoman lajeng nerusaken lampahipun. Diracun Sasampunipun Anoman dumugi ing tepis wiringing negari Ngalengka, Anoman dalah para punakawan kraos luwe sanget, tumuli lajeng sami padhos warung. Dumadakan ing mriku wonten satunggaling warung ingkang mandhe woh-wohan lan dhaharan saha unjukan. Ingkang mandhe awujud wanitya ingkang sanget sulistya ing warni. Anoman saha para Punakawan lajeng sami jajan wonten ing mriku. Lan sajakipun Anoman ingkang wekdhal menika taksih mujudaken jaka-tumaruna ugi lajeng kepranan kaliyan ingkang mandhe, wusana ngantos dumados sesambetan saresmi kaliyan wanita menika. Sareng cekap anggenipun sami suka pari suka, Anoman dalah para Punakawan lajeng pamit badhe nglajengaken lampah. Nanging dereng nganthos Anoman tebih saking papan mriku, dumadakan Anoman lan para Punakawan paningalipun sami mboten saget kangge ndhulu saengga dados wutha. Jalaran wanita ing sesadheyan menika jebulipun garwa seliripun Prabu Dasamuka ingkang sesilih Dewi Sayempraba ingkang pancen dipun utus dening Prabu Dasamuka supados ngalang-alangi tetiyang ingkang dados dutanipun Prabu Rama. Woh-wohan saha dhaharan ingkang dipun tedha dening Anoman tuwin para Punakawan menika pranyata sampun dipun paringi racun ingkang saget anjalari wuta tiyang ingkang nedha. Mila Anoman dalah para Punakawan ugi lajeng nandhang wutha. Anoman dalah para Panakawan ugi lajeng sami tetangisan nggetuni dumateng lelampahanipun ingkang nembe kemawon dipun lampahi. Anoman dalah para Punakawan ugi lajeng sami mbacutaken lampahipun senajan grayah-grayah amargi mboten sumerep margi. Garuda Kacarita ing tengah margi, Anoman kepanggih kaliyan Garuda Sempati kadhangipun Garudha Jatayu ingkang sampun sirna dipun pejahi dening Prabu Dasamuka rikala badhe mitulungi Dewi Sinta ingkang dipun dustha Dasamuka kanthi ngambah ing gegana.Garuda Jatayu sirna kasabet pedhang Menthawa dening Prabu Dasamuka. Sasirnanipun Jatayu, Dewi Sinta lajeng dipun betha wangsul Prabu Dasamuka tumuju ing Ngalengka lan lajeng dipun papanaken ing Taman Argasoka ingkang dipun jagi para prajineman Ngalengkadiraja ingkang wujud raseksa. Bandayuda Wangsul bab Anoman ingkang sampun pianggih kaliyan Garudha Sempati. Anoman dalah para Panakawan lajeng dipun usadhani kaliyan Garudha Sempati saengga saget mriksani malih. sasampunipun lerem sawetawis ing papan mriku, Anoman lajeng nglajengaken lampah tumuju ing negari Ngalengka. Tindhakipun Anoman nglangkungi margi ingkang alus sanget pindha babut. Nanging jebulipun sanes margi ingkang limrah nanging  ilatipun Ditya Ilatmeja inggih Wil Kathaksa ingkang dipun gelar saengga Anoman mboten nglegewa menawi lumebet tutukipun yaksa menika. Sareng sampun dumugi wadhukipun Ditya Ilatmeja, Raden Anoman nembe sadar menawi sampun wonten wadhukipun yaksa. Lajeng dipun bedhah mawi kuku Waja. Ditya Ilatmeja sirna margalayu amargi wadhukipun jebol. Taman Asoka Anoman nglajengaken lampah. Sareng dumugi baluwerti Ngalengkadiraja, Anoman lajeng mlebet wonten ing Taman Asoka kanthi mlumpati baluwerti manggihi Rekyan Wara Sinta. Anoman lajeng sesingidan wonten ing wit Nagasari saperlu ngulati kawontenan murih sampun nganthos kesumerepan dumateng para yaksa prajineman. Sareng kawontenan sampun sepen, Anoman lajeng tetembangan ing mriku saengga kepireng Dewi Trijatha. Dewi Trijatha ugi lajeng nyaketi suwanten menika kang mboten sanes suwantenipun Anoman. Anoman sumerep Dewi Tijatha nalika nandhang asmara. Trijata wuyung nyumurupi wonten riwandha ingkang ulesipun putih memplak kadhos kapas,Dewi Trijatha sanget kesengsem. Anoman lajeng dipunlus-lus kanthi dipunpangku saengga Anoman nganthos mijil kamanipun lan dumawah wonten pangkonipun Dewi Trijatha. Kama lajeng dipun usap lan dipun bucal ing bengawan. Kamanipun Anoman korut wonten bengawan, lajeng diopeni dening Dewi Pratalawati ing negari Guwa Pratala ingkang ing tembenipun lajeng dados jabang bayi wujud wanara seta ingkang dipun paringi nami Raden Trigangga inggih Triyangga. Trigangga ugi lajeng dipun angkat putra ingkang kekalih. Anoman ingkang nembe lumebet ing Taman Asoka. dening Dewi Trijatha, Anoman lajeng dipun sowanaken dateng Dewi Sinta. Anoman lajeng maringaken sesotya agemipun Prabu Ramawijaya . Menawi Sesotya menika dipunagem Dewi Sinta. Lan kabukten sesotya menika ugi pas dipun agem wonten dirijipun Rekyan Wara Sinta ingkang nedhahaken bilih Dewi Sinta taksih suci. Dewi Sinta lajeng maringi ageman susuk kondhe kangge pralambang bilih Dewi Sinta ngajeng-ngajeng rawuhipun Prabu Ramawijaya. Nalika Anoman nembe wawan pangandhikan bab kasugenganipun Prabu Ramawijaya dalah ingkang rayi Raden Laksmana Widagda, tuwin para pawana Pancawati, dumadakan kapriksan para prajurit Ngalengka. Anoman lajeng dipun cepeng nanging bonggo. Wusana ndadosaken bandayuda. Anoman saget kapikut dening Raden Indrajid inggih Meganandha, lajeng dipun sowanaken wonten ngarsanipun Prabu Dasamuka. Anoman lajeng kapidhana pejah kanthi dipun obong wonten ing alun-alun Ngalengka. Nalika dipun besem, eloking kawontenan, Anoman mboten saget tumama, malah grama ingkang kinarya mbesem Anoman menika dipun awut-awut saengga Kraton Ngalengka kobong, Anoman tumuli nglajengaken lampah saperlu wangsul sowan wonten ngarsanipun Prabu Ramawijaya. Ing tepis wiringing samudra ingkang misahaken Nagari Ngalengka kaliyan Pancawati, Anoman manggihi satunggaling tiyang ingkang kapidhara mbothen imut purwa duksina. sareng dipun usadani, pranyata tiyang menika mboten sanes kejawi raden Wibisana ingkang dipun kepruk paidhon amargi sampun wantun caos atur pamrayogi supados Rekyan Wara Sinta dipun kondhuraken dumateng Prabu Rama. 
           Salajengipun Raden Wibisana dipunkanthi Raden senggana sowan wonten ing Pancawati. Ing mriku Wibisana minangka kadhang anemipun Prabu Ramawijaya lan dipun paringi jejibahan minangka dados penasehat raja. Inggih amargi saking pamrayoginipun Wibisana menika, tundhanipun para wadyabala tuwin senopati- senopati Ngalengka saget dipun wuningani anggeranipun saengga saget dipun sirnakaken kalebet Prabu Dasamuka ugi. Anoman Duta nyariosaken lelampahanipun Raden Anoman inggih Senggana ingkang dipun utus ratu gustinipun Prabu Ramawijaya, nata ing negari Pancawati, supados nakyinaken kawontenanipun Rekyan Wara Sinta ingkang dipundustha déning Prabu Dasamuka inggih Rahwana, nata ing negari Ngalengkadiraja, saperlu badhe dipun garwa Anoman. Anoman anggenipun lumawat wonten ing negari Ngalengka dipun kantheni dening para anila, jembawan, sumawana, Bagong lan dipun biyantu dening kadhang Bayu. Alangan nalika Anoman tumuju ing negari Ngalengka lampahipun kepalang samudra. Anoman lajeng dipun tulungi dening Gunung Maenaka kanthi dipun uncalaken saking pucuking redhi tumuju ing negari Ngalengka. Nalika wonten ing gegana, Anoman kraos dipun serot saking salebeting samodra saengga lumebet ing samodra. Pranyata Anoman dalah para punakawan dipun serot dening Ditya Wil Kathaksini lan lajeng kaunthal lumebet ing wadhukipun raseksa prajineman Ngalengka menika. Wadhuk lajeng kasudhet mawi kuku Waja. Anoman lajeng nerusaken lampahipun. Diracun Sasampunipun Anoman dumugi ing tepis wiringing negari Ngalengka, Anoman dalah para punakawan kraos luwe sanget, tumuli lajeng sami padhos warung. Dumadakan ing mriku wonten satunggaling warung ingkang mandhe woh-wohan lan dhaharan saha unjukan. Ingkang mandhe awujud wanitya ingkang sanget sulistya ing warni. Anoman saha para Punakawan lajeng sami jajan wonten ing mriku. Lan sajakipun Anoman ingkang wekdhal menika taksih mujudaken jaka-tumaruna ugi lajeng kepranan kaliyan ingkang mandhe, wusana ngantos dumados sesambetan saresmi kaliyan wanita menika. Sareng cekap anggenipun sami suka pari suka, Anoman dalah para Punakawan lajeng pamit badhe nglajengaken lampah. Nanging dereng nganthos Anoman tebih saking papan mriku, dumadakan Anoman lan para Punakawan paningalipun sami mboten saget kangge ndhulu saengga dados wutha. Jalaran wanita ing sesadheyan menika jebulipun garwa seliripun Prabu Dasamuka ingkang sesilih Dewi Sayempraba ingkang pancen dipun utus dening Prabu Dasamuka supados ngalang-alangi tetiyang ingkang dados dutanipun Prabu Rama. Woh-wohan saha dhaharan ingkang dipun tedha dening Anoman tuwin para Punakawan menika pranyata sampun dipun paringi racun ingkang saget anjalari wuta tiyang ingkang nedha. Mila Anoman dalah para Punakawan ugi lajeng nandhang wutha. Anoman dalah para Panakawan ugi lajeng sami tetangisan nggetuni dumateng lelampahanipun ingkang nembe kemawon dipun lampahi. Anoman dalah para Punakawan ugi lajeng sami mbacutaken lampahipun senajan grayah-grayah amargi mboten sumerep margi. 
           Garuda Kacarita ing tengah margi, Anoman kepanggih kaliyan Garuda Sempati kadhangipun Garudha Jatayu ingkang sampun sirna dipun pejahi dening Prabu Dasamuka rikala badhe mitulungi Dewi Sinta ingkang dipun dustha Dasamuka kanthi ngambah ing gegana.Garuda Jatayu sirna kasabet pedhang Menthawa dening Prabu Dasamuka. Sasirnanipun Jatayu, Dewi Sinta lajeng dipun betha wangsul Prabu Dasamuka tumuju ing Ngalengka lan lajeng dipun papanaken ing Taman Argasoka ingkang dipun jagi para prajineman Ngalengkadiraja ingkang wujud raseksa. Bandayuda Wangsul bab Anoman ingkang sampun pianggih kaliyan Garudha Sempati. Anoman dalah para Panakawan lajeng dipun usadhani kaliyan Garudha Sempati saengga saget mriksani malih. sasampunipun lerem sawetawis ing papan mriku, Anoman lajeng nglajengaken lampah tumuju ing negari Ngalengka. Tindhakipun Anoman nglangkungi margi ingkang alus sanget pindha babut. Nanging jebulipun sanes margi ingkang limrah nanging  ilatipun Ditya Ilatmeja inggih Wil Kathaksa ingkang dipun gelar saengga Anoman mboten nglegewa menawi lumebet tutukipun yaksa menika. Sareng sampun dumugi wadhukipun Ditya Ilatmeja, Raden Anoman nembe sadar menawi sampun wonten wadhukipun yaksa. Lajeng dipun bedhah mawi kuku Waja. Ditya Ilatmeja sirna margalayu amargi wadhukipun jebol. Taman Asoka Anoman nglajengaken lampah. Sareng dumugi baluwerti Ngalengkadiraja, Anoman lajeng mlebet wonten ing Taman Asoka kanthi mlumpati baluwerti manggihi Rekyan Wara Sinta. Anoman lajeng sesingidan wonten ing wit Nagasari saperlu ngulati kawontenan murih sampun nganthos kesumerepan dumateng para yaksa prajineman. Sareng kawontenan sampun sepen, Anoman lajeng tetembangan ing mriku saengga kepireng Dewi Trijatha. Dewi Trijatha ugi lajeng nyaketi suwanten menika kang mboten sanes suwantenipun Anoman. Anoman sumerep Dewi Tijatha nalika nandhang asmara. Trijata wuyung nyumurupi wonten riwandha ingkang ulesipun putih memplak kadhos kapas,Dewi Trijatha sanget kesengsem. Anoman lajeng dipunlus-lus kanthi dipunpangku saengga Anoman nganthos mijil kamanipun lan dumawah wonten pangkonipun Dewi Trijatha. Kama lajeng dipun usap lan dipun bucal ing bengawan. Kamanipun Anoman korut wonten bengawan, lajeng diopeni dening Dewi Pratalawati ing negari Guwa Pratala ingkang ing tembenipun lajeng dados jabang bayi wujud wanara seta ingkang dipun paringi nami Raden Trigangga inggih Triyangga. Trigangga ugi lajeng dipun angkat putra ingkang kekalih. Anoman ingkang nembe lumebet ing Taman Asoka. dening Dewi Trijatha, Anoman lajeng dipun sowanaken dateng Dewi Sinta. Anoman lajeng maringaken sesotya agemipun Prabu Ramawijaya . Menawi Sesotya menika dipunagem Dewi Sinta. Lan kabukten sesotya menika ugi pas dipun agem wonten dirijipun Rekyan Wara Sinta ingkang nedhahaken bilih Dewi Sinta taksih suci. Dewi Sinta lajeng maringi ageman susuk kondhe kangge pralambang bilih Dewi Sinta ngajeng-ngajeng rawuhipun Prabu Ramawijaya. Nalika Anoman nembe wawan pangandhikan bab kasugenganipun Prabu Ramawijaya dalah ingkang rayi Raden Laksmana Widagda, tuwin para pawana Pancawati, dumadakan kapriksan para prajurit Ngalengka. Anoman lajeng dipun cepeng nanging bonggo. Wusana ndadosaken bandayuda. Anoman saget kapikut dening Raden Indrajid inggih Meganandha, lajeng dipun sowanaken wonten ngarsanipun Prabu Dasamuka. Anoman lajeng kapidhana pejah kanthi dipun obong wonten ing alun-alun Ngalengka. Nalika dipun besem, eloking kawontenan, Anoman mboten saget tumama, malah grama ingkang kinarya mbesem Anoman menika dipun awut-awut saengga Kraton Ngalengka kobong, Anoman tumuli nglajengaken lampah saperlu wangsul sowan wonten ngarsanipun Prabu Ramawijaya. Ing tepis wiringing samudra ingkang misahaken Nagari Ngalengka kaliyan Pancawati, Anoman manggihi satunggaling tiyang ingkang kapidhara mbothen imut purwa duksina. sareng dipun usadani, pranyata tiyang menika mboten sanes kejawi raden Wibisana ingkang dipun kepruk paidhon amargi sampun wantun caos atur pamrayogi supados Rekyan Wara Sinta dipun kondhuraken dumateng Prabu Rama. Salajengipun Raden Wibisana dipunkanthi Raden senggana sowan wonten ing Pancawati. Ing mriku Wibisana minangka kadhang anemipun Prabu Ramawijaya lan dipun paringi jejibahan minangka dados penasehat raja. Inggih amargi saking pamrayoginipun Wibisana menika, tundhanipun para wadyabala tuwin senopati- senopati Ngalengka saget dipun wuningani anggeranipun saengga saget dipun sirnakaken kalebet Prabu Dasamuka ugi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar