Agklung
Angklung yaiku alat musik sing digawe saka tabung pring sing ditancepake ana
ning bingkai sing digawe saka pring. Tabung-tabunge banjur diasah sedemikian
rupa saengga ngasilake suara sing beresonansi nalika dithuthug.rong tabung
banjur ditata dadi tangga nada oktaf. Gawe mainake, bagian ngisor saka bingkai
dicekeli nganggo tangan siji, tangan liyane nggoyangake angklung sing cepet
saka sisi kiwa ning tengen lan sewalike. Banjur ngasilake nada sing berulang.
Banjur dibutuhake telu utawa pemain angklung satu ensambel, gawe ngasilake
melodi sing lengkap.
Angklung uwis misuwur ning kabeh Asia Tenggara, nanging asline saka
Indonesia lan uwis dimainke karo etnis Sunda ning Provinsi Jawa Barat nalika
zaman mbiyen. Tembung “angklung” asale saka rong tembung “angka” lan “lung”.
Angka tegese “nada”, lan lung tegese “pedhot” utawa “ilang”. Angklung tegese
“nada sing pedhot”.
Nalika
periode Hindu lan Kerajaan Sunda, Jawa Barat, angklung duwe peranan luwih
penting ning pirang-pirang upacara ritual masyarakat Sunda ning panguripan
sedina-dina. Dadi peranan ning ritual, angklung dimainke gawe ngehormati Dewi
Sri, dewi kesuburan, karo panjaluk supaya negeri lan panguripan kabeh bisa diberkati.
Menurute Kidung Sunda, alat musik angklung uga dianggo karo Kerajaan Sunda gawe
nyemangati ning njero situasi peperangan ning Perang Bubat.
Angklung
paling tuwa sing isih ana tekan saiki yaiku Angklung Gubrag. Angklung iki
digawe nalika abad 17 ning Jasinga, Bogor. Saiki, pirang-pirang angklung saka
zaman mbiyen isih kesimpen ning Museum Sri Baduga, Bandung.
Seiring
mlakune wektu, angklung uwis narik akeh perhatian ning dunia internasional.
Nalika taun 1938, Daeng Soetigna, saka
Bandung, gawe angklung miturut tangga nada diatonik, alih-alih nganggo tangga
nada tradisional pelog utawa salendro. Nalika mbiyen, angklung digunaake gawe
ancas pendidikan lan hiburan, lan bisa dimainke bareng karo alat-alat musik
Barat ing orkestra. Salah sijine penampilan angklung ning orkestra sing luwih
kondhang yaiku nalika Konferensi Asia-Afrika ning Bandung taun 1955. Udjo
Ngalagena, yaiku nurid saka Daeng Soetigna, banjur mbuka “Saung Angklung”
(Rumah Angklung) nalika taun 1966 dadi pusat pengembangan angklung.
UNESCO netepake
angklung dadi Karya Budaya Takbenda lan Warisan Budaya Dunia nalika tanggal 18
November 2010. UNESCO nyaranake marang Indonesia supaya senantiasa ngaja lan
nglestareake karya lan warisan budayane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar