Blangkon
Blangkon iku sajinis panutup sirah kanggo
wong priya sing kagawé saka bahan kain bathik utawa lurik. Blangkon sejatiné
wujud modhèrn lan praktis saka iket. Ing busana tradhisional adat Jawa
lan adat Sundha blangkon dianggo minangka pasangan karo busana beskap. (miturut
Wikipedia)
Ing jaman modern iki blangkon ono ing masyarakat Yogyakarta khususe gunungkidul
uwes mulai ilang seka pikiran masyarakat. Blangkon seng uwes suwe dadi budaya
warga jawa iki, mulai kegiles karo topi-topi seng dadi trend ing kalangan
muda-mudi.
Nek arep weroh jinis-jinis blangkon iso mbok woco ing ngisor iki:
Ana sawetara jinis blangkon miturut adat ing papan panggonan tinamtu. Jinis
blangkon antara liya:
1. Blangkon Sala, saka bahan bathik ora nganggo mondholan
(trèpès).
2. Blangkon Yogya, nganggo mondholan.
3. Blangkon Kedhu.
4. Blangkon Banyumas.
5. Blangkon Sundha, saka bahan bathik, ora nganggo mondholan.
Mondholan, iku wangun sing njendhol ing samburiné blangkon, makili modhèl
rambut priya sing kerep dibundhel ing mburi. Blangkon modhèl trèpès, iku wujud
sing umum blangkon gagrag Surakarta. Gaya iki minangka modhifikasi saka gaya
Yogyakarta, amarga akèh-akèhé priya saiki arambut cendhak. Modhèl trèpès iki
digawé kanthi njait langsung mondholan ing bagéan mburi blangkon. Saliyané saka
suku Jawa , ana uga sawetara suku sing migunakaké panutup sirah sajinis
blangkon nanging béda wujudé, yaiku suku Sundha, suku Madura, suku Bali, lan
sapanunggalané. (Wikipedia)
Ing pikiranne para mudha jaman saiki, nganggo blangkon iku koyo ndadeke deweke
tambah katrok, cupu, ketinggalan jaman lan sak liyan-liyane. Ningo nek awake
dewe nganggo. Podo wae wes melu nglestarekake budaya jawa. Dadi ora eneng seng
jenenge wong jowo ilang jawane.
Kenapa ora? Neng Daerah Istimewa Yogyakarta netapke dino blangkon saben
minggune. Umpamane dino setu dadi dino blangkon, dadi saben dina setu
bocah-bocah seklah do nganggo blangkon seko SD, SMP, SMK, lan SMA. Dadine para
pelajar ing kutho Yogyakarta duwe kekhasan karo kutho-kutho liyane.
Aku nduwe pepinginan supoyo sesok blangkon iso dadi benda sing ora mung
diweruhi wong Yogyakarta tok. Ningo bisa diweruhi ing mata internasional.
Dadine ora mung dingo warga Indonesia ningo warga mancanegara.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar