Tradisi
Sepasaran Bayi di desa Sumurgede
Kec.
Godong, kab. Grobogan
Tradisi sepasaran bayi wonten
ing desa Sumurgede, kecamatan Godong, kabupaten Grobogan menika nggadhahi ciri
khas ingkang benten kaliyan daerah sanesipun. Acara menika dipun lampahaken
dening keluarga ingkang nembe mawon gadhah putra, ateges acara menika namung
dipun lampahaken kaliyan putra ingkang mbajeng mawon. Menawi adhik-adhikipun
boten wajib dipun lampahaken. Acara menika dipun tindakaken nalika bayi umur
sepasar utawi gangsal dinten (5). Pramila, acara kasebut dipun paring nama
sepasaran, amargi dipun tindakaken nalika bayi umur sepasar. Acara menika dipun
tindakaken wonten ing dalemipun tiyang sepuhipun bayi.
Acara menika dipun tindakaken
kanthi sederhana. Namung selametan sarta ngundang sanak sadulur kemawon. Acara
dipun tindakaken wanci dalu, padatanipun sabibaring sholat isya’. Acara menika kendurinan. Sabibaring
kendurinan dipun lajengaken acara rasulan utawi ngethok rambutipun bayi. Bayi
mau dipun gendhong dening ramanipun, lajeng simbahipun (bapak saking ibu bayi)
mayungi bayi sarta bapakipun. Bayi kasebut dipun ubengaken sarta rambutipun
bayi wau dipun kethok mawi gunting. Dipun sarengaken kaliyan maos shalawat
nabi. Menika nggadhahi pasemon bilih bayi kasebut sageda dados putra-putri
ingkang soleh/solekhah, ngabekti kaliyan tiyang sepuhipun sarta saged migunani
kagem nusa, bangsa, lan agama.
Ingkang kapisanan ngethok menika
kyai utawi sesepuh kampung, lajeng dipun lajengaken kaliyan tiyang sanesipun.
Rambutipun bayi wau lajeng dipun pendhem dados satunggal kaliyan ari-arinipun.
Sabibaring acara rasulan wau, para tamu saged kondur utawi dherek mirsani acara
salajengipun. Inggih menika acara beksan “Angguk Karya Muda”. Tarian menika
dipun tindakaken nalika sabibaring acara kenduri sarta acara rasulan.
Tari angguk menika dipun
paragakaken dening para pemuda, watawis kelas SMP utawi SMA. Pramila, tari
menika dipun sebut angguk karya muda, ingkang gadhahi teges bilih tari menika
jiwanipun para pemuda. Tari menika ngagem busana jangkep, topi, rompi, celana
hotpen, sarta kipas ingkang dados alatipun.
Ingkang nari menika tiyang 12 ngantos 18 paraga. Tari menika nitikkaken
gerakan tangan kaliyan kipas, sarta lenggak-lenggok badanipun ingkang seiring
kaliyan astanipun. Tari menika dipun lampahaken nalika acara sepasaran bayi,
khitanan, sarta acara penyambutan tamu ingkang wigati, kados ta wali kota,
camat, bupati, lan sanes-sanesipun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar