“TRADHISI
APITAN”
WONTEN DESA GEMULAK KECAMATAN SAYUNG KABUPATEN
DEMAK
Apitan
inggih menika sawijining tradhisi ingkang taksih ngrembaka lan lestantun.
Tradhisi menika mapan wonten Desa Gemulak, Kecamatan Sayung Kabupaten Demak
Jawa Tengah. Desa menika kalebet desa ingkang mapanipun strategis. Amargi mapan
wonten pinggiring margi pantura. Langkung trepipun wonten kecamatan perbatasan
Kutha Semarang-Demak sisih wetan.
Sejatosipun tradhisi apitan menika sami kaliyan
sedhekah bumi wonten ing wewengkon sanesipun. Amargi tradhisi menika dipunlaksanaaken
wonten sasi Apit minangka wujud dedonga kaliyan Gusti ingkang murbeng jagad
ingkang sampun paring kanugrahan berkah kanikmatan kang awujud asil tetanen,
tetanduran, lan kasil saking olah tetanen kalawau. Saengga lumantar tradhisi
menika ingkang nglumantaraken sesaji dhumateng Dewi Sri minangka Dewi pari
menika saged ngasilaken olah retanen ingkang gemah ripah loh jinawi.
Tradhisi ingkang dipunkawontenaken saben sasi apit
ing sasi Jawa menika dintenipun boten katetepaken kanthi mesthi. Ananging sasinipun
kedah wonten sasi Apit. Tradhisi menika kawiwitan kaliyan donga sesarengan
ingkang dipunpimpin kaliyan tokoh agami: Kyai) wonten desa menika.padhatanipun
menika para warga sami makempal wonten lapangan desa utawi latar dalemipun Pak
Lurah ingkang tradhisi menika dipunlaksanaaken. Para warga menika ingkang boten
anamung tiyang sepuh kemawon, ananging ugi wonten bocah alit jaler estri
ingkang sami ndherek. Samenika sami mbekta uba rampe ingkang arupi berkatan
selametan ingkang isinipun nun inggih sekul, gudhangan, tigan, kering tempe,
lan tahu tempe goring. Berkat ingkang dipunbekta saking dalem lajeng
dipunsuntak wonten sanginggilipun alas godhong pisang ingkang sampun dipun
gelar tumata wonten papan tradhisi Apitan menika minangka alas sesaji. Lajeng dipun
urap( dipuncampur) dados setunggal ngantos donganipun paripurna.dipunlajengaken
enggal-enggal dipunpendhet malih sekul berkatan ingkang sampun dipuntumplek
utawi dipunsuntak kalawau saprelu dipunbekta wangsul malih. Anggenipun mendhet
ugi kedah rikat. Amargi menawi boten, saged kegebyur toya kaliyan para
perangkat desa ingkang sampun jumeneng wonten pinggir lan pojoking papan
tradhisi menika. Jumeneng kanthi mbekta ember ingkang isinipun toya ingkang
dipuncampur sumba( pewarna kain) lan warni-warninipun kewan kadosta: lintah,
cacing, yuyu, welut, lsp. Samenika wonten kaunikanipun ingkang saben tiyang
menika jarang ingkang mangertosi maksudipun. Samenika awujud simbolipun ama
ingkang wonten saben ingkang kedah dipunbrantas. Salajengipun sekul ingkang sampun
dipunbekta wangsul menika saged dipunsebar wonten saben lan lemah pekarangan
piyambak-piyambak. Menika kanthi pangajeng-ajeng bilih kasilipun samangke saged
kathah gemah ripah loh jinawi. Banjur kalajengaken adicara pagelaran wayang.
Ingkang dipunwiwiti tabuh setunggal siyang ngantos sadalu wutuh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar