Jumat, 09 Januari 2015

PUNTADEWA

  PUNTADEWA

               RadenPuntadewa iku mbarepe Pandhawa, ramane Prabu Pandu Dewanata lan emboke DewiKunthinalibrata. Ananging sabenere dheweke iku anak saka Dewi Kunthi lan BataraDharma (Dewa Keadilan), iku di sebabake merga kutukan saka sang resi Kimindakasing dipateni Pandu nalikane Kunthi lan Batara Dharma nglakoni dedemenan kang awujudkijang. Nanging merga ajian Adityaredhaya, Kunthi lan Pandu isih bisa duweketurunan kanggo nerusake tahta kerajaan. Puntadewa nduweni sedulur papat,nanging sing loro beda embok, yaiku Bima utawa Werkudara, Arjuna utawa Janaka,Nakula utawa Pinten, lan Sadewa utawa Tangsen.
             Puntadewa nduweni dasa nama (sepuluh jenengkanggo deweke) yaiku, kapisan Raden Dwijakangka nalikane dheweke dadi buwanganlawase 13 taun ana ing kerajaan Wirata, kapindha Raden Dharmaputra, kaping telumerga dheweke putra saka Batara Dharma, dijenengi Dharmakusuma, Dharmawangsa,lan Dharmaraja, sarta jeneng liyane yaiku Gunatalikrama, Sang Ajatasatru,Kantakapura, Yudhistira, lan Sami Aji yaiku julukan saka Prabu Kresna.
             RadenPuntadewa nduweni sipat sadu (suci, ambeg brahmana), seneng ngalah, atinetenang, sareh, lan seneng katentreman utawane  wegah nglakokake maksiat, sanadyan dheweke wisdi larani atine. Dheweke lair saka ubun-ubune Dewi Kunthi, banjur dadi anakyatim merga ditinggal mati ramane yaiku Prabu Pandu, dadi Kratone diaturakemarang kakange, Adipati Destarastra, disekseni para tetua-tetua Kraton  kayata Dang Hyang Durna, Patih Sengkuni, ResiBisma, Begawan Abiyasa lan Yamawidura, kanthi janji supaya keraton Ngastinadiwenehake marang Pandawa nalika dheweke wis padha gedhe. Banjur Destarastra olehseparo saka wilayah Ngastina. Nanging Patih Sengkuni nggawe cidra ing janjisaengga tahta Kraton tiba marang Kurawa. Prekara mau sing ndhasari ananing prangBaratayudha Jayabinangun.
              Puntadewapancen menungsa sing duwe sipat budi luhur, nanging dheweke duwe pakulinan singora apik yaiku seneng judhi. Pakulinan kuwi nyebabake para Pandawa ngalami akehalangan ning uripe, yaiku tuladhane nalika ana perkara rebutan tahta antarane Pandawalan Kurawa kanggo nguwasani Ngastina. Sengkuni nantang Pandawa judhi dadu singtaruwane donya, banjur Puntadewa saguh karo ejakane Sengkuni kanthi janji arepmenehake Kraton, bojo, sarta bakal nyerahake Pandawa kanggo ngabdi marangKurawa.
MiturutDewi Ratri, Dewi Kunthiwilanten iku nurunake getih putih marang Puntadewa, mulaawit kuwi Puntadewa jenenge dadi Yudhistira. Nalika Pandawa lumaku tumujuPancala,           kabeneran lagidianakake sayembara adu jago ngrebutake Dewi Drupadi. Sapa wae sing bisangalahake Gandamana, mangka bisa ngepek bojo Dewi Drupadi. Ambeneri  Sing menang sayembara yaiku Bima, banjur Bimanyerahake Dewi Drupadi kanggo kakange, Puntadewa.  Sakwise ngalahake Gandamana banjur Pandawakudu mateni naga sing urip ana ngisor wit ringin. Jebul Panahe Arjuna sing bisamateni naga mau. Wasanane, Puntadewa duwe anak lanang keturunane Dewi Drupadijenenge Pancawala.
           Ingsawijining dina Puntadewa ngongkon Sadewa supaya njupuk banyu menyang telaga,nanging Sadewa ora bali-bali. Semana uga Nakula, Arjuna, lan Bima padha orabali merga nusul Sadewa arep njupuk banyu. Banjur Puntadewa nyusul menyangtelaga mau, namung malah ketemu raseksa sing karubung mayit adhi-adhine ingpinggir telaga. Raseksa ngomong marang Puntadewa, mbok menawa ana sing arepngombe banyu telaga kene kudu bisa njawab pitakonane dheweke. Raseksa takonmarang Puntadewa, adhine sing endi sing bakal dipilih Puntadewa supaya bisaurip maneh. Puntadewa milih Nakula, merga Nakula iku anak mbarepe Dewi Madrim,embok walone. Mangkana mau panjaluke Puntadewa supaya keturunane Dewi Madrimlan Dewi Kunthi tetep ana, senadyan namung siji. Kuwi mau sipat wicakksanane Puntadewa.     
           Sawijiningdina, Puntadewa sing gaweyane judhi kalah main dadu kanggo ngrebutake Kraton,saengga kudu nampa ukuman dadi buangan sing suwene 13 taun. Ing taun pungkasandheweke nglakoni ukuman mau, Puntadewa nyamar dadi masakat jelata ana ingKraton Wirata. Nang kana Puntadewa uga dadi ahli politik kang gawene awehpitutur marang raja-raja, jeneng samarane yaikulurah Dwijakangka. Puntadewa nduweni jimat tinggalane Prabu Pandu yaiku payungKyai Tunggulnaga lan Tombak Kyai Karawelang, sarta keris Kyai Kopek. Sakliyanekuwi, uga ana tinggalane Prabu Yudistira yaiku sumping prabangayun, lansansangan robyang sing rupane kalung. Ana maneh pusaka sing jenenge Serat JamusKalimasada.         

            Mergapitulungane Werkudara, Puntadewa banjur dadi raja sing ngrajani raja-raja sakdonya, awit dheweke ngadakake sesajen kanggo Raja Suya lan 100 Raja sakamancanegara pada merdayoh. Nalika prang Baratayudha Jayabinangun, Puntadewadadi senapati prang. Pandawa ngadepi raja saka Kraton Mandraka, Prabu Salya singakhire mati dening tangane Puntadewa. Puntadewa kadesak, namung dheweke kudugawe tipu daya kang nyebabake Begawan saka Astina iku seda lan sawiseBaratayuda, banjur Puntadewa dadi raja ing Ngastina kanthi gelar PrabuKalimataya. Basan wis tua deweke dadi pimpinane adhi-adhine kanggo munggahwerdi Himalaya tumuju Nirwana. Ana kana, mipil siji-siji bojone lan adhi-adhineseda kabeh, namung kari dheweke lan asune sing isih urip tekan Nirwana. BataraIndra ora ngijinake asune Puntadewa mlebu, nanging Puntadewa tetep ngeyel,supaya asune uga bisa mlebu Nirwana. Sawise kedadeyan padudon kang dawa mau,banjur  si asu mau malih dadi wujudBatara Dharma saengga bisa nuju Nirwana bareng-bareng karo Puntadewa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar