Jumat, 09 Januari 2015

GATOTKACA

Kisah Gatotkaca
       Ibu Gatotkaca luwih dikenal jenenge yaiku Arimbi. Arimbi ora mung dadi penghuni alas, nanging putri saka kerajaan Pringgadani, negeri bangsa raksasa. Nalika Gatotkaca lahir kaya raksasa, ora ana alat sing bisa gawe ngethok tali pusere mergane sakti nemen. Akhire tali pusere bisa dikethok gawa alate Karna sing jenenge Kunta, nanging sarung alate iku mlebu ning jero wetenge Gatotkaca, lan nambah maneh kesaktiane.
       Karo para dewa, bayi Gatotkaca iku dimasak kaya bubur lan diisi karo pirang-pirang kesaktian, mergane iku Gatotkaca urat kawat, tulang besi, darah gala-gala lan bisa mabur ning mega lan lungguh ning dhuwur mega. Gatotkaca nalika mabur ning awan kaya kilat lan liar kaya halilintar. Kesaktiane nalika perang, bisa nyabut gulune musuh lan digunaake nalika penting. Gatotkaca diangkat dadi raja ning Pringgadani lan disebut dadi kesatria ning Pringgadani, merga pemerintahan negara dikuasani karo keturunan saka pihak wadon.
       Kecepatan mabure Gatotkaca adoh ning dhuwure kecepatan mabur para ksatria sing umume. Kulit lan awake kerase kaya baja. Ora ana alat sing landhep sing bisa nglarani awake. Nanging, bangsa dewa ugi nyiptaake alat sing gawe nglarani Gatotkaca, lan bisa digunaake sepisan. Gatotkaca yaiku patriot, nurut ning negara, keluwarga lan kebeneran sing dadi panutane. Gatotkaca iya ora gelem rembungan karo Sitija ning sengketa batas daerah negarane, Pringgadani karo daerah Trajutrisna. Gatotkaca duweni sifat disiplin jaga daerah kedaulatan negara lan keluwargane, saka daerah negara sing paling utara batasan Pringgadani, ning selatan ning daerah Amarta, tekan daerah Dwarawati sing paling selatan. Gatotkaca iya ngrewangi Arjuna nggagalake serbuan Prabu Niwatakawaca, saka negara Imaimantaka, ning kahyangan Jonggring Saloka. Gatotkaca namung meneng, nanging para dewa sapa sing berjasa nggagalake serbuan iku yaiku Arjuna. Para dewa nganggep biasa wae tingkahe Gatotkaca ning kedadean iku, merga miturute para dewa, pancen kaya ngono tujuane Gatotkaca dilahirke.
       Jenenge Gatotkaca nalika isih bayi yaiku Jabang Tetuka. Tekan umur setaun tali pusere durung bisa dikethok gawa alat apa wae. Arjuna (adhine Bima) lunga tapa gawe jaluk pitulung dewa gawe nulung nasibe ponakane. Nanging, Karna, panglima kerajaan Hastina lagi tapi golek alat pusaka. Merga rupane Arjuna lan Karna mirip, Batara Narada sing dadi utusane kahyangan nguwehi alat Kontawijaya ning Karna, ora ning Arjuna. Narada sadar, dheweke salah, banjur nemoni Arjuna. Arjuna banjur ngoyak Karna gawe ngrebut alat Kontawijaya. Arjna lan Karna banjur gelut, nanging Karna bisa lolos gawa alat Kontawijaya, nanging Arjuna namung bisa ngrebut sarung sing gawe bungkus pusaka iku. Sarung pusaka Konta digawe saka kayu Mastaba sing bisa digunaake gawe ngethok tali pusere Tetuka. Nanging ana keajaiban, kayu Mastaba ilang lan dadi siji ning njero wetenge Tetuka. Kresna sing melu nyekseni duwe pendapat yaiku kayu Mastaba arep nambah kuate bayi Tetuka. Kresna iya ngramalake, sesuk Tetuka mati ning tangan sing duwe alat Kontawijaya.
       Tetuka banjur disileh Narada gawe digawa ning Kahyangan sing lagi diserang musuh jenenge patih Sekipu saka kerajaan Trabelasuket. Patih Sekipu dikon rajane sing jenenge Kalapracona gawe nglamar widadari jenenge Batari Supraba. Bayi Tetuka diadepke dadi lawan Sekipu. Anehe, nalika diajar terus ora mati, nanging Tetuka malah nambah kuat. Merga isin, Sekipu mbalekake Tetuka ning Narada gawe digedheake. Narada banjur nyeburake awake Tetuka ning njero kawah Candradimuka, ning Gunung Jamurdipa. Para dewa banjur nguncalake pirang-pirang alat pusaka ning njero kawah. Banjur Tetuka njedul ning permukaan dadi uwong wadon sing gedhe. Kabeh jenis pusaka para dewa uwis campur dadi siji ning njero awake.
       Tetuka banjur gelut nglawan Sekipu lan bisa mateni nggunaake gigitan taring. Kresna lan para Pandawa banjur nusul ning khayangan, banjur Kresna ngethok taringe Tetuka lan ngakon supaya ngrampungi nggunaake sifat-sifat raksasa. Batara Guru, raja kahyangan ngenei hadiah komplit pakaian pusaka, yaiku Caping Basunanda, Kotang Antrakusuma lan Terompah Padakacarma gawe dienggo Tetuka, sing nalika diganti jenenge dadi Gatotkaca. Nganggo klambi pusaka iku, Gatotkaca bisa mabur cepete kaya kilat ning kerajan Trabelasuket lan mateni Kalapracona.
       Gatotkaca nikah karo sepupune, yaiku Pregiwa, putri Arjuna. Gatotkaca bisa nikahi Pregiwa sakwise nglewati lika-liku sing abot, yaiku nyingkirake saingane, sing jenenge Laksamana Manrakumara putra Duryudana saka keluwarga Korawa. Saka nikahane Gatotkaca karo Pregiwa lahir putra sing jenenge Sasikirana. Sasikirana dadi panglima perang kerajaan Hastina nalika pemerintahan Parikesit, putra Abimanyu utawa cucu Arjuna.
         Nalika perang Bharatayudha, Gatotkaca diangkat karo Yudhistira dadi panglima gerombolan pihak Pandawa. Gatotkaca iya diwenehi kepercayaan gawe jaga kabeh daerah Kurusetra, panggonan sing gawe perang.
        Gatotkaca banjur tiba, nalika Kresna, njaluk supaya ora ngluarake kabeh kesaktiane nalika perang ning Kurusetra. Gatotkaca luwih akeh dijaluki jaga ning udara, lan mudhun yen perlu. Gatotkaca patuh nalika dijaluki ngluarake kesaktiane malah ning pihake Kurawa, ning medan laga sing dipimpin karo sang panglima, Karna, sing uwis dihadiahi alat Konta Wijayadanu karo Batara Indra, sakdurunge perang.
        Gatotkaca sadar bener yen nalika dikaluki maju ning medan laga, iku berarti dheweke arep sengaja dikobarake dadi tumbal ning pihak Pandawa. Supaya sengaja Konta sing namung bisa dienggo sepisan, kehujam ning awake, banjur Arjuna selamet saka ancamane Karna. Nalika perang Bharatayudha njeblik, Abimanyu bener-bener mati dikeroyok para Kurawa nalika dina sing ke-13. Esoke nalika dina sing ke-14, Arjuna bisa balas matine putrane iku gawa cara menggal sirahe Jayadrata. Duryudana sedih, mergane Jayadrata mati, banjur meksa Karna nyerang panggonane Pandawa nalika bengi. Karna kepeksa mangkat meskipun bab iku nglanggar aturan perang.
        Krungu yen para Kurawa nglancarake serangane nalika bengi, pihak Pandawa ngirim Gatotkaca gawe ngadang. Gatotkaca sengaja dipilih merga Kotang Antrakusuma sing dheweke enggo bisa mancarake cahaya sing terang banget.
        Perang nalika bengi iku medeni banget. Gatotkaca bisa mateni sekutune Kurawa sing jenenge Lembusa. Nanging dheweke kilangan loro pamane, yaiku Brajalamadan lan Brajawikalpa sing mati bareng musuh-musuhe. Gatotkaca akhire adep-adepan karo Karna, sing duweni alat Kontawijaya. Dheweke nyiptaake kembaran awake seakeh sewu uwong, dadi gawe Karna ngrasa bingung. Pinunjuk ramane, yaiku Batara Surya, Karna bisa nemukake Gatotkaca sing asli. Dheweke nguculi alat Kontawijaya ning arahe Gatotkaca. Gatotkaca nyoba ngindari gawa cara mabur sakdhuwur-dhuwure. Nanging arwahe Kalabendana tiba-tiba njedul nangkep Kontawijaya karo ngomongi warta saka kahyangan yen ajal Gatotkaca uwis dipaske bengi iku. Gatotkaca pasrah karo putusane dewata. Nanging mayate isih digunaake gawe mateni musuh.

        Kalabendana nyetujuni, dheweke banjur nusuk pusare Gatotkaca nggunaake alat Kontawijaya. Pusaka iku ilang dadi siji karo sarunge, yaiku kayu Mastaba sing isih kesimpen ning njero wetenge Gatotkaca. Gatotkaca banjur mati. Arwahe Kalabendana banjur nglemparake mayate ning arah Karna. Karna bisa mlumpat dadi lolos saka maut. Nanging keretane rusak ketibanan awake Gatotkaca sing isih mluncur banter saka angkasa. Akibate, pecahane kerata iku mleset ning arah ngendi-endi lan mateni para prajurite Kurawa sing ana ning cedhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar