Jumat, 09 Januari 2015

Budaya Jawa

Kalender Jawa


Kalender Jawa yaiku kalender sing istimewa amarga perpaduan antarane budaya Islam, budaya Hindu-Buddha Jawa lan uga budaya Barat. Ning njero sistem kalender Jawa, siklus dina sing dienggo ana loro : siklus mingguan sing terdiri saka 7 dina kayata sing dikenal saiki, lan siklus pekan pancawara sing terdiri saka 5 dina pasaran. Miturut Wikipedia, nalika taun 1652 Masehi, Sultan Agung Mataram ngetokake dekrit gawe ngrubah penanggalan Saka. Nalika kalender Jawa versi Mataram nggunaake kalender lunar (penanggalan wulan), nanging ora nggunaake angka saka taun Hijriyah (nalika taun1035 H). Angka taun Saka tetep dienggo lan diterusake demi asas kesinambungan. Saengga taun 1547 Saka, diterusake dadi taun 1547 Jawa. Kalender Jawa padha karo kalender-kalender sing liyane nunjukake taun, wulan, tanggal lan dina. Ning kalender Jawa ana pitung dina, minggu tekan setu uga ana lima pasaran dina : kliwon, legi, pahing, pon, lan wage. Ning Jawa dina iku digabungke gawe ngelingake kedadeyan-kedadeyan sing penting, kayata uwong lair dina Minggu Kliwon utawa Minggu Wage, uwong seda dina Jumat Legi utawa Jumat Pon. Kalender Jawa nunjukake perputaran urip antara menungsa urip sing diciptaake Gusti pencipta Jagat Raya.
Kalender jawa duwe 12 wulan, saben wulan ning kalender Jawa duwe dina sing bedha jumlahe. Jumlah dina yaiku :
 1. Suro: 30 dina
2. Sapar: 29 dina 
3. Mulud: 30 dina 
4. Rabiulakhir: 29 dina

5. Jumadilawal : 30 dina 
6. Jumadilakhir: 29 dina 
7. Rajab: 30 dina 
8. Ruwah: 29 dina 
9. Puasa: 30 dina 
10. Sawal: 29 dina 
11. Hapir : 30 dina 
12. Besar: 29 dina 

Sakliyane pembangian wektu ning itungan wulan, kalender Jawa ngenal papat macem pembagian wektu nganggo patokan itungan liyane, kayata : Windu sing saka 8 tahun, saben taun ana windu duwe nama-nama sing bedha saben urutan, yaiku :Alip Ehe, Jimawal, Je, Dal, Be, Wawu Jimakir



•Wuku sing saka 30 pilihan, yaiku:

1. Sinto 11. Galungan 21. Maktal
2. Landep 12. Kuningan 22. Wuje
3. Wukir 13.Langkir 23. Manahi 
4. Kurantil 14. Mondosio 24. Prangbakat
5. Tolu 15. Julungpujut 25.Bolo
6. Gumbreg 16.Pahang 26. Wungu
7. Warigalit 17. Kuruwelut 27. Wayang
8. Wariagung 18. Marakeh 28. Kulawu
9. Julungwangi 19. Tamber 29. Dukut
10.Sungsang 20. Madangkungan 30. Watugunung

•Pranoto Mongso atau Mangsa sing saka 12 pilihan. Pranoto Mongso iki persis karo zodiak berdasakan ilmu astrologi yaiku duwe batesan-batesan tertentu.  

1. Kaso : 23 Juni - 2 Agustus
2. Karo : 3 Agustus - 25 Agustus
3. Katelu : 26 Agustus - 18 September
4. Kapat : 19 September - 13 Oktober
5. Kalima : 14 Oktober - 9 Nopember
6. Kanem : 10 Nopember - 22 Desember
7. Kapitu : 23 Desember - 3 Februari
8. Kawolu : 4 Februari - 1 Maret
9. Kasanga : 2 Maret - 26 Maret
10. Kasadasa: 27 Maret - 19 April
11. Desta : 20 April - 12 Mei
12. Saddha : 13 Mei – 22 Juni

• Dina Pasar sing saka 5 pilihan, yaiku:

1. Pahing
2. Pon
3. Wage
4. Kliwon
5. Legi.



Kalender Jawa duwe fungsi dadi patokan para tani gawe cocok tanam, dadi dina-dina kelairan, mantenan lan kematian secara kebeneran. Saben kedadeyan mesthi akeh dithik dipengaruhi wulan, pengaruh matahari lan pengaruh alam liyane.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar