Rebo Wekasan
Tradhisi rebo wekasan menika salah setunggal
tradhisi ingkang misuwur sarta tasih dipunpengeti dening warga desa
Karangmalang. desa Karangmalang menika nama salah setunggal desa wonten ing
kecamatan Gebog. Kecamatan Gebog menika salah setunggal kecamatan ingkang
wonten ing kabupaten Kudus. Dunungipun wonteb ing ampeyanipun redi muria.
Pendhudhuk desa Karangmalang menika pakaryanipun sadean, pengusaha konveksi,
pengusaha batik, sarta tani. Agami ingkang dipunanut wonten ing desa
Karangmalang inggih menika agami islam. Pramila sedaya tradhisi ingkang woten
ing desa Karangmalang menika sami campur kalayan agami islam.
Tradhisi rebo wekasan menika domados saking kalih
tembung, inggih menika “rebo” ingkang tegesipun ‘dinten rebo’ sarta wekasan
ingakg tegesipun ‘pungkasan’. Tradhisi rebo wekasan ugi asring dipunwastani
tradhisi “toya salamun”. Tradhisi menika dipunlampahi wonten ing dinten rebo
pungkasan wulan sapar. Tatacaranipun inggih menika dipunwiwiti milahi rampung
salat maghrib. Sasampunipun salat
maghrib, para warga desa Karangmalang kempal wonnten ing mejid. Lajeng sami
maos surat yasin sepisan. Nalika dumugi ayat salamunqoulanminrobbirrahim
dipunwaos kaping 313. Sasampunipun lajeng smi sesarengan salat isya.
Sederengipun salat isya, kawula enem utawi remaja masjid sami nyepakaken embor
ageng, toya, dluwang, sarta pulpen. Toya menika lajeng dipunlebetaken dhateng
embor. Lajeng dluwang menika dipunserati ayat salamunqoulanminrobbirrahim,
lajeeng dipuncemplungaken wonten ing toya menika. Sasampunipun, remaja masjid
bandumaken toya menika dhhateng para rawuh. Tradhisi menika dipunpandegani
dhateng pak modin sarta dipuntumuti dening sedaya warga desa Karangmalang.
Ancasipun tradhisi menika inggih kagem ngemutaken
para warga supados sami dedonga amargi wonten ing dinten rebo menika Allah
nurunaken coba utawi bala kathahipun 320.000 kagem manungsa. Saengga, dedonga
menika dados setunggal sarana kagem nulk coba menika.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar