CANGKUL
Cangkul yaiku alat
tradisional sing dianggo ning pertanian. Cangkul digunaake gawe nggali,
ngresiki lemah saka suket utawa ngrataake lemah. Cangkul isih digunaake tekan
saiki. Gawean sing luwih abot biasane digunaake mbajak. Cangkul digawe saka
kayu lan wesi.
Cangkul
utawa Pacul yaiku gabungan saka bawak lan pacul. Bawak yaiku bagian dhuwur saka
cangkul. Ning bagian landepan utawa bagian ngisore diarani pacul. Bagaian
landepan utawa bagian ngisore kerep dijenengi doran. Dipasange doran dadi
gampang nggunaake alat cangkut iki.
MAKNA FILOSOFI CANGKUL
Istilahe Cangkul uwis
ora asing maneh. Ya, cangkul yaiku salah sijine alat sing akrab digunaake karo
para tani gawe ngolah sawah utawa ladang. Ananging ning sisi liyane cangkul
duwe makna filosofi sing dhuwur sing namung sebagian uwong sing ngerti.
Asal mulane alat sing
dhewe kenal yaiku cangkul miturut buku sing diwaca. Karangan Dr. PURWADI
M.Hum., MAHARSI M.Hum. lan MAHMUDI SE., M.Si., AK. Ning bukune sing jdule
Makrifat Sejati Sunan Kalijaga iki jelaske asal mulane alat cangkul iki saka
kisah sunan kalijaga nalika sunan kalijaga mlaku-mlaku karo muride. Beliau
nglewati pirang-pirang alas cilik lansawah ladang ning daerah Kadilangu, Demak
yaiku daerah ning endi beliau berdomisili ning njero manah beliau isih golek
dalan kepriye carane mecahake masalah pokok ngenai dakwah islam sing disampaike
ning masyarakat. Para warga ning sekitar Kadilangu isih durung gelem nerima
ajaran islam apa maneh nerima sunan kalijaga durung dikenal karo masyarakat.
Ning perjalanan,
beliau ketemu karo uwong tani sing lagi kerja nggarap sawah. Beliau takon:
“nganggo apa awak mu
nggarap sawah kuwi, Pak?”
“nganggo linggis,
tuanku”. Wangsule pak tani.
“suwi ora awakmu
ngrampungake sepetak sawah?”
“sepuluh dina tuan”
“suwe tenan.”
Wangsule sunan kalijaga.
“menawi awakmu gelem,
kanca-kancamu dikon ning omahku, mengko tak wenehi alat-alat tani, supaya
awakmu cepet ngrampungake gaweanmu nalika nggarap sawah.”
Banjur para warga berbondong-bondong ning panggonane sunan kalijaga
lan ning kana sunan kalijaga mengheningkan cipta donga marang Gusti, nyuwun
pertolongan supaya rakyate bisa mlaku sing cepet nalika nggarap sawah. Ora suwe
terciptalah beribu-ribu alat pertanian kaya cangkul lan bajak, banjur alat-alat
kuwi dibagi-bagi ning para petani. Pungkasan sunan kalijaga dadi kondhang ning
kalangan masyarakat lan dadi omongan ning kabeh pelosok desa lan kampong.
Bahkan ana murid lan pengikute saya akaeh. Sistem lan kepercayaan utawa agama
Islam sing nyatane bisa cepet nalika anuju ancas panguripan, apik dunyo utawa
akhirat.
Maka sing diwenehi karo Sunan Kalijaga marang masyarakat Kadilangu.
Iku sebenere huduk alat cangkul lan bajak sing sanyatane, ananging kawruh lan
kepercayaan dadi pedoman lan dasar urip. Sawah dilamnbangake dadi dalan utawa
cara pengabdian, hasil panene yaiku dadi hasil saka dasar uripe.
Banjur diwenehi dening Sunan Kadilangu Kalijaga kanggo
masyarakat. Sing bener ora pacul lan waluku alat senbenarnya, nanging kawruh
lan kapercayan kanggo nuntun lan urip dhasar. Sawah sing tetenger minangka dadi
dalan utawa cara pengabdian, hasil punika wong minangka asil saka dhasar
gesang. Kanggo rong pribadi tani digawe dening Sunan Kalijaga kang tetenger
minangka : Cangkul, kasusun saka telung
bagéan, yaiku: pacul, sehati, lan doran.
Pacul, ngipatake prakara kang katon, iku tegese ngilangi kabeh kethok cetha. Kabèh dadi salah, kabeh
sing ora beres lan kudu ngilangi lan nyingkiri gangguan. Bawak, obahing awak,
tegese gerakan awak, kanggo entuk gegayuhanipun manungsa kudu sregep. Obaing
awak tegese kerja sing sregep, ora mung nunggu nasib piyambak, nanging ngirim
dadi gaweyan nyata, tegesipun ikhtiyar barang.Doran, ngedongo marangPengeran,
tegesipun nyuwun kanggo Gusti Allah sing tekan marang gegayuhanipun, uga kanthi
cara ndedonga marang Gusti Allah, amarga mung panggonan Asanka kabeh katuduh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar