serat riyanta
Serat Rangsang
Tuban menika cariyosipun inggih sae. Ingkang cariosaken babagan banda, tahta,
lan wanita. Cariyos Serat Rangsang Tuban menika, mulanipun ngrembag kalih
Pangeran. Kalih Pangeran menika putranipun Raja Sindupati saking Kerajaan Tuban
ingkang anggadhahi asma Pangeran Warihkusuma lan Pangeran Warsakusuma. Pangeran
Warihkusuma lan Pangeran Warsakusuma mulanipun anggadhahi hubungan ingkang sae,
nanging amarga wanita hubungan kalih pangeran niku, dados renggang, lan
parahipun malih dados musuh. Nalika Pangeran Warihkusuma badhe nikahi Endang
Wresi ingkang ayune kados widadari saking khayangan, ingkang dipun kancani
kalih Pangeran Warsakusuma.
Lajeng Pangeran
Warsakusuma kepencut kalih Endang Wresi. Pangeran Warsakusuma boten remen kalih
Pangeran Warihkusuma amargi saged anggadhahi garwa ingkang ayune kados
widadari. Lajeng Pangeran Warsakusuma mitnah Warihkusuma supados dipun usir
saking kerajaan Tuban. Endang Wresi lajeng dipun paksa nikah kaliyan Pangeran
Warsakusuma, ing pernikahan paksa menika anggadhahi putra ingkang asmanipun
Udakawimba.
Pangeran Warihkusuma lajeng berkelana ing
alas. Sakbanjure dugi ing Kerajaan Banyubiru. Ing mriku, Pangeran Warihkusuma
ngabdi marang Prabu Hertambang inggih menika Raja ing Kerajaan Banyubiru.
Pangeran Warihkusuma lajeng dipun dadosaken adipati, lan dipun nikahaken
kaliyan putrinipun ingkang anggadhahi asma Dewi Wayi.
Dewi Wayi menika
putri semata wayangipun Prabu Hertambang ingkang anggadhahi seni perang lan
strategi. Nalika samana wonten kadadean ingkang damel ribut nalika Dewi Wayi
nglairake putri pertami lajeng seda. Prabu Hertambang boten lila, lan ngira
pangeran Warihkusuma menika ingkang nyebabaken. Lajeng Pangeran Warihkusuma
dipun usir lan putrinipun inggih dipun bucal wonten lepen. Putrinipun dipun temokaken
kaliyan Kyai Bulud Wulusan lan dipun paringi asma Rara Sendang.
Wonteng ing satunggaling dinten Warsakusuma
ngimpekaken garwanipun Endang Wresi. Saking ngimpi kasebut
Warsakusuma
lajeng kundur wonten ing Kerajaan Tuban. Warihkusuma mangertos menawi Warsakusuma
sampun seda lajeng nggantikaken Warsakusuma dados raja wonten ing Tuban. Lajeng
ngusir Udakawimba amargi boten remen kaliyan Udakawimba. Udakawimba lajeng
ninggalaken Tuban lan dugi ing desa Sumbereja. Banjur ketemu kalih Kyai Bulud,
Udakawimba inggih menika pinter nata kota, damel benteng lan strategi perang.
Lajeng Kyai Bulud kepingin Udakawimba dados garwanipun Rara Sendang ,
Udakawimba banjur garwani Rara Sendang. Sawijining Udakawimba tapa wonten ing
goa, panjenenganipun nemokaken emas ingkang kathah kajeng emas menika kagem
bangun desa Sumbereja dados kerajaan. Lajeng badhe nyerang Tuban amargi tasih
dendam kaliyan Warihkusuma amagi sampun ngusir. Udakawimba saged nerobos
Kerajaan Tuban, bajur Pangeran Warihkusuma ngilang lan nyuwun tulung kalian
Dewi Wayi.
Wonten Kerajaan Banyubiru, Dewi Wayi dados Ratu,
amargi Prabu Hertambang sampun seda. Lajeng Udakawimba kalah wonten ing
peperangan menika amargi Tuban dipun rencangi dening Dewi Wayi menawi
sejatinipun dereng seda kagem nglawan Sumbereja lan dipun utus nyuwun ngapunten
kaliyan Warihkusuma. Dewi Wayi pirsa Rara Sendang ngraos menawi Rara Sendang
menika putrinipun, lajeng Kyai Bulud nerangaken menawi keadaan Rara Sendang
kala biyenipun. Dewi Wayi sansaya yakin Rara Sendang menika putrinipun. Lajeng
Udakawimba dados keluargi ing kerajaan Sendangbiru. Pangeran Warihkusuma ugi
ngapurani kalepatanipun Udakawimba.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar