Wayang dumadi saking tembung wod "yang/ hyang"
angsal ater- ater wa-. Tegesipun roh ingkang roh saged damel beja cilakanipun
manungsa. Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak lan jiwanipun
manungsa. Wayang mujudaken pangejawantahan pribadi manungsa. Wayang punika pagelaran
nganggo bonéka kang umume katon endah ing wewayangane lan dilakokake dening
dhalang kanthi iringan gamelan. Boneka kasebut bisa kang wujud 2 dhimensi utawa
wujude 3 dhimensi. Kang wujud 2 dhimensi umume, kagawe saka kulit (walulang),
kang biyasane kulit sapi, utawi wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah
digawe saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang maneka warna
adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang
gawe wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngene iki ora patia
akeh ditemoni. Manut ing kemajuane jaman, wus tinatah lan sinungging wayang
kanthi ngginakaken media digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang
kang tinatah lan sinungging kanthi media digital kasebat e-wayang.
Crita kang
dilakonake dijupuk saka epos Mahabharata lan Ramayana
kang uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana kang nggelar lakon
crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang kaya ngene iki diarani
Wayang Menak. Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa.
Ing pagelaran
punika wayang ditancepke ing debog (wit gedhang) ing sisih tengen lan kiwane
dhalang. Ing tengah, critane digelar. Sedina sewengi lakon diwedhar.
Wayang iki
ora mung sumebar ing Jawa wae, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara.
Pagelaran wayang wis diakoni dening UNESCO ing tanggal 7 November
2003, dadi karya kabudayan
kang edi peni ing babagan crita dongéng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece
of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwalike, UNESCO nyuwun
supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi.
Sajarah
Para ahli durung ana kang bisa masthekake kapan wayang
wiwit ana ing Indonesia. Nanging yen ndeleng prasasti
lan tinggalan jaman kepungkur, wayang kira-kira wis ana sadurunge agama Hindu mlebu. Nalika kuwi
lakon wayang durung nganggo crita-crita kang dijupuk saka India. Pagelaran iki
dienggo sarana nyembah marang roh leluhur.
Sawetara
anggitan sastra jaman Mataram anyar akèh kang nulis perkara sajarah wayang.
Nanging, para ahli sajarah ora sarujuk marang apa kang tinulis ing kono amarga
ora cocok marang cathetan lan tinggalan sajarah kang wis ana.
Prasasti
paling kuno ana ing abad kaping IV Masehi.
Prasasti ngemot ukara mawayang kanggo pagelaran pahargyan sima utawa bumi perdhikan.
Katrangan kang luwih trewaca ing prasasti Balitung, udakara 907 Masehi. Ing kono
tinulis si galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma ya kumara. Artiné
kira-kira: Si Galigi ndhalang kanggo Hyang kanthi lakon Bimma Sang
Kumara."
Agama Hindu
kang mlebu ing Nusantara gawe crita wayang beda karo asline. Crita Ramayana
lan Mahabharata
wiwit dienggo kanggo dakwah agama. Ing panguwasaning Dharmawangsa Teguh (991-1016), akeh crita saka
India kang mlebu lan digawe gagrag jawane. Wayang wiwit nyebar ing
ngendi-ngendi nalika Majapahit nguwasani Nusantara.
Crita-crita
kang asline saka India iku pungkasane wis geseh karo sadurunge. Para pujangga
Jawa gawe crita dhewe kanggo mepaki apa kang wis ana. Ing Pedhalangan,
crita-crita iki sinebut lakon carangan.
Jaman Islam mlebu, Walisanga
uga nganggo wayang ing panyebarane. Ing jaman iki wiwit ana Wayang Menak.
Gagrag-gagrag tambah akeh ngepasi Mataram anyar. Walanda
kang digdaya gawe kraton Surakarta ngracik akeh crita wayang kanggo nglelipur ati.
Indonesia
merdika uga nyumbang gagrag wayang kang maneka warna. Maneka warna wayang mau
ana kang tetep digelar ana kang mung urip ing jamane dhewe. Wayang kang paling
akeh dienggo yaiku wayang kulit purwa.
Sebutane Wayang
Yen dijupuk
saka ukarane, wayang kuwi saka wewayangan, amarga pagelarane ana ing wayah
wengi lan nganggo lampu. Nanging katrangan iki wis ora bisa diugemi maneh.
Wayang dadi ora mligi boneka kang ana wewayangane. Wayang golek kang digawe
saka kayu ora ngandhelake wewayangan. Ukara wayang wis dadi pagelaran
boneka kang digelar dening dhalang.
Umume,
sebutan wayang tinuju marang wayang kulit purwa. Wayang iki
digawe saka tatahan kulit kewan kanti lakon seka Mahabharata lan Ramayana.
Maneka Warna Wayang
Wayang ing tanah Jawa
- Wayang Beber yaiku wayang kang digawe saka kain utawa kulit lembu kang awujud beberan (lembaran). Saben beberan kuwi nggambarake sakadegan crita. Yen wis rampung dilakonke, beberane digulung maneh. Wayang iki digawe jaman krajaan Majapait. Wayang iki asale saka Pacitan lan Gunung Kidul. Wayang iki digawe kanthi kuwat ing bab rong dimensine kanthi seni lukis ing kanvas. Wong-wong kang nglestarekake wayang iki yaiku: Musyafiq kanthi gawe wayang beber kang narasine paraga-paraga wayang, Suhartono kanthi luwih nyiptakake figur wayang kang corake dekoratif lan ornamentik, Agus Nuryanto gawè wayang beber kanthi saka wujud wayang purwa banjur diabstraksi saka realitas uripe manungsa ing saben dinane.
- Wayang Kulit
- Wayang klithik
- Wayang Golèk uga akeh wong sing arani wayang tengul. Wayang iki digawe saka kayu lan diklabeni kayata manungsa. Sumbering crita kajupuk saka Sejarah kayata crita Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten, Trunajaya, lsp. Crita wayang iki uga bisa kajupuk saka dongeng negara Arab. Yen pentas kang dadi ciri khase wayang golek yaiku ora nganggo kelir utawa layar kayata wayang kulit.
- Wayang Gedhog:Wayang iki wujude meh padha karo wayang kulit. Kang digawe kurang luwih taun 1400-an. Sumbering crita saka crita raja ing Jawa, antarane Banten, Singasari, Mataram, Kediri, lsp. Wayang iki mung bisa ditemokake ana museum.
- Wayang Menak yaiku wayang saka kayu kang digawe persis (kawangun) wong. Critane yaiku babagan dakwah Islam kayata: Wong Agung Jayengrana, Imaryana, lan Umarpadi.
- Wayang Kancil:Wayang iki uga diarai ''wayang Dupara''. Wayang sing digawe saka lulang. Crita serine Kancil.
- Wayang Wahyu: uga kasebut ''wayang bibel'' iki diciptake dening Bruder Temotheos kanggo nyiarke agama Kristen.
- Wayang Pancasila
- Wayang Sejati
- Wayang Jemblung:Wayang saka kayu kang digawe persis (kawangun) wong. Wayang iki sumebar ana ing daerah pesisir lor, Blora, lan Cepu. Critanè babagan Cacad kaya kethoprak.
- Wayang wong:Wayang wong yaiku wayang kang diparagake wong kang ana gerakan tarine. Sumbering crita saka Ramayana lan Mahabarata. Paguyuban kang misuwur kanthi pagelaran wayang iki yaiku Ngèsthi Pandawa (Semarang), Sriwedari (Surakarta).
- Wayang Sandosa
- Wayang Ukur
- Wayang Jawa
- Wayang Topeng
- Wayang Potehi:Wayang kang awujud boneka cilik-cilik. Critane mangsa jaman kraton Tar-Tar utawa Babad Cina. Thio Tiong Gie yaiku salah sijining dhalang wayang potehi ing Semarang Tengah kang manggon ing Desa Pesantren, Kelurahan Purwodinatan. Dheweke nduweni prinsip paribasan Cina Tiongkok kang dadi semangate kanggo nglestarekake Wayang potehi iki yaiku:”TAK ada kuda, sapi pun bisa ditunggangi.” Yen ta wayangan dheweke nggunakake basa Indonesia kanggo basa pengantar, beda karo para sesepuhe sing biyen nggonakake basa Cina. Ciri khase dheweke uga kerep nggunakake tembang campursari. Thio Tiong Gie saiki umure wis 76 taun, akeh prihatine mikirake kabudayane sing mung didelok dening saglintir wong sing kalah adoh yen dibandingake karo jaman biyen. Langka banget sing kepengin nyinaoni wayang iki sing dadi generasine mung siji ntok wonge yaiku Oei Tjiang Hwat sing kerep ngancani yen ta wayangan. Para niyagane adoh banget yaiku saka Surabaya
Dheweke
menehi tuturan "Yen ta diwenehi panjang umure nganti 100 taun, dheweke
bakal terus ndhalang, sabab ing njero wayangan kang lumrahe digawe dadi
panglipur lara iku ana ajaran-ajaran, pepeling-peling kang manfaati tumrap
uripe manungsa.
- Wayang Revolusi
- Wayang Dongeng:Wayang Dhongeng
Wayang kang
digawe saka dluwang kang digambari wayang awujud kewan-kewan. Wayang iki
nyitakake babagan donyane kewan kang dadi sarana refleksi saka donyane manungsa.
Ana wayang iki disarujuki ora ana sing dadi dhalang
kang lumrahe tunggal dadi sakabehing paraga ana wayang, banjur sapa wae bisa
dadi dhalang,
kang bisa prasaja gunemane.
Wayang ing tlatah liya
Lakon Wayang
Gagrag ing Tanah Jawa
Pagelaran
wayang kang sumrambah ing tanah Jawa agawe variasi kang maneka warna. variasi
utawa jinis iku kang asring sinebut gagrag. Gagrag wayang ing tanah Jawa
antarane:
- Wayang Kulit Gagrag Ngayogjakarta
- Wayang Kulit Gagrag Surakarta
- Wayang Kulit Gagrag Banyumasan
- Wayang Kulit Gagrag Cirebon
- Wayang Kulit Gagrag Jawa Wetan
- Wayang Kulit Gagrag Madura
Tidak ada komentar:
Posting Komentar