Parikan
Yaiku unèn-unèn mawa paugeran telung
warna yaiku :
·
kadadèn saka rong ukara kang dhapukaké nganggo purwakanthi guru swara
·
saben saukara kadadean saka rong gatra
·
ukara kapisan mung minangka purwaka; déné isi utawa wosé dumunung ing ukara
kapindho.
Tuladha: Tawon madu, ngisep sekar.
(ukara kapisan, 2 gatra). Calon Guru, kudu sabar (ukara kapindho, 2 gatra).
Gunane purwaka (ukuran kapisan) mung dianggo narik kawigatené wong kang nedya
sikandhani utawa dipituturi. Perluné, supaya ing sadurungé ukara kang isi utawa
“wosé” dikandhakaké, wong sing nedya dikandhani wis ketarik atiné, satemah
banjur nggatekaké, bisa ngerti temenan marang maksudé ukuran kang isi “ngese”
(ukara kapindho).
Deko tiyang nggantheng Tapi kok homo?
Manu ( cacahing) wandane, parikan iku kena diperangi dadi telu, yaiku:
Parikan kang kadadéan saka (4 wanda + 4 Wanda) X 2
Tuladha
Iwak bandheng, durung wayu (4 wanda + 4
Wanda)
Priya nggantheng, sugih ngelmu (4 wanda +
4 Wanda
Tuku manggis, karo tapé ( 4 wanda + 4
wanda )
Aku nangis, mikkir kowé ( 4 wanda + 4
wanda )
Wèdang bubuk gula jawa ( 4 wanda + 4 wanda
)
Yèn kepethuk ati lega ( 4 wanda + 4 wanda
)
Parikan kang kadadean saka (4 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha
Kembang adas, sumebar tengahing alas (4
wanda + 8 Wanda).
Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras. (4
wanda + 8 wanda).
Parikan kang kadadean saka (8 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha
Enting-enting gula jawa, sabungkus isine
sanga
Ingatane para siswa, wajib seneng nggubah
basa.
Parikan sing kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) X 2
Parikan sing kadadéan saka (8 wanda + 8
wanda) X 2, sawéneh ana sing ngarani parikan patang pada. Iku keliru, sebab
tembung “pada” iku tumrap reriptan kanggone mung ana ing tembang. Déné yén
tembung “pada” iku sing dikarepaké kudu mung ora ukara, siji-sijining ukura
kadadéan saka 2 gatra: dadi kabéh ana 4 gatra Wondené carané nulis 4 gatra iku,
kena baé didadékake 4 larik.
Tuladha kasebut kena katulis mangkene
Enting-enting gula jawa
Sabungkus isine sanga
Ingatase para siswa
Wajib seneng nggubah basa
Wetan kali kulon kali Arep nyabrang gak
onok uwote Wetan gati kulon yo gati Yen ditimbang pada abote
Ali-ali temunpang kasur Aku lali pira
regane Aja lali pahlawan sing jujur Ngelingana jasa2ne
Esuk nyuling sore nyuling Sulingane arek
Suroboyo Esuk eling sore eling Sing di eling ora rumongsa
Parikan sing dianggo nggérongi lelagoning gendhing
Ing parikan iki dhapukaning ukara mesthi
bae ora bisa tansah nglungguhi paungeran, sebab cacahing wandane kawengku ing
laguning gendhing.
Tuladha
·
Lelagon Parikan (Slendro Patet 9)
Cengkir Wungu, wungune ketiban daru (Dhu
Ibu)
Calon guru, kudu sabar momot mengku (Pm)
Katrangan Perangan sing dikurung, yaiku
(Dhu Ibu), iku wuwuhan, kanggo senggakan.
·
Suwe Ora Jamu. Pelog Pathet 6
Suwe ora jamu, jamu godhong kencur
Suwe ra ketemu, temu pisan maju mundur.
Carane ngarang parikan
Sing dikarang luwih dhisik ukara
kapindho, yaiku sing isi “ngese” utawa “Wose”. Ukarane kadedean saka 4 wanda +
4 Wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda + 8 wanda.Sawise rampung pangarange ukara
kapidho, banjur ngarang ukara kapisan, yaiku ukara kang mung dianggo purwaka.
Kehing wandane pada karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu mujudake
purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho.
Klebu rerengganing basa
Parikan klebu rerengganing basa, sebab
basa sing mawa parikan iku agawe senenge wong sing maca utawa sing ngrungokake.
Guneman mawa parikan bosa njalari rame nengsemake.Gendhing digerongi nganggo
sakepan kang mawa parikan, bisa marakake saya gayeng.
Tuladha parikan warna telu
Parikan (4 wanda + 4 wanda) X 2
Wajik Kletik, gula jawa
Luwih becik, sing prasaja
Nang jeruk, jambu nanas
Rada watuk, ngelu panas
Wedang bubuk, tanpa gula
Aja ngamuk, enggal tuwa
tuku
belut karo iwak lele
ojo gelut karo bolo dhewe
Tawon madu ngisep sekar
Dadi guru kudu sabar
Kiwa tengen gawa jamu
Aku kangen pingin temu
Parikan (4 wanda + 8 wanda) X 2
Kembang aren, sumber tepining kalen
Aja dahwen, yen kowe pepengen kajen
Kembang kencur, ganda sedhep sandhing
sumur
Kudu jujur, yen kowe kepengin luhur
Kembang menur, den sebar den awur-awur
Bareng makmur, banjur lali mring sadulur
Manuk kutut, manggunge ngganter
Yen ra nurut, bisa keblinger
Parikan (8 wanda + 8 wanda) X 2
Gawe cao nangka sabrang, kurang setrup
luwih banyu
Aja awatak gumampang, ingatase calon guru
Sega punar lawuh empal, segane pengenten
anyar
Dadi murid aja nakal, kudu ulah ati sabar
Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah
kurang gula
Piwelingku mring muda, aja wedi ing
rekasa.
Purwakanthi parikan bisa digawe mawa
petungan kang adhedhasar petungan wanda (suku kata).
4 wanda - 4 wanda
wajik klethik, gula jawa
luwih becik wong prasaja
jemek-jemek gula jowo
aja ngenyek padha kanca
manuk emprit menclok pager
dadi murid kudu pinter
4 wanda - 8 wanda
tawon madu, ngisep sari kembang jambu
aja nesu yen dituduaaké luputmu
kembang menur, den sebar den awur-awur
bareng makmur, banjur lali mring sedulur
manuk emprit, nggawa kawat ing wit waru
dadi murid, kudu hurmat marang guru
ana baya, mangan roti karo kanca
pengin mulya, aja wedi ing rekasa
8 wanda - 8 wanda
kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong
jati
uwong urip ora gampang, mula padha
ngati-ati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar