kebaya
Asal tembung kebaya saka arab abaya sing tegese klambi. Ana sing guneman yen kebaya saka China. Banjur nyebar ning Malaka, Jawa, Bali, Sumatera, lan Sulawesi. Sawise akultururasi sing uwis atusan taun, klambi iku diterima ning budaya lan norma sing ana ning kana. Nanging ana argumen yen kebaya asline saka Indonesia. Amarga klambi asli China yaiku Cheongsam sing beda saka kebaya. Bentuk awale saka kebaya saka istana Majapahit dadi sarana gawe memadukan putri Kemban sing ana, awak bungkus saka wadon aristokrat dadi luwih sederhana lan bisa diterima karo sing entes mlebu Islam. Aceh, Riau, lan Johor lan Sumatera Utara duwe gaya kebaya Jawa dadi sarana ekspresi sosial status kaliyan penguasa Jawa sing luwih alus. Jeneng kebaya dadi klambi tertentu sing wis diserat karo Portugal nalika tiba ning Jawa. Kebaya Jawa kayasing ana saiki uwis diserat karo Thomas Stamford Bingley Raffles ning 1817, dadi sutra, brokat lan beludru.Variasi Kebaya
Sekitar taun 1500-1600, ning Pulau Jawa, kebaya yaiku klambi sing dienggo ning keluwarga kerajaan Jawa. Kebaya uga dadi klambi sing dianggo ning keluwarga Kesultanan Cirebon, Kesultanan Mataram lan peneruse Kesultanan Ngayogyakarta Hadiningrat. Nalika kendali Belanda, putri-putri Eropa mulai nganggo kebaya dadi klambi resmi. Kebaya diubah namung saka tenunan mori gawa sutera lan sulaman werna-werna. Klambi sing mirip sing dijenengi “nyonya kebaya” diciptaake kapisan karo uwong-uwong Peranakan saka Melaka. Padha nganngo karo sarung lan sepatu sing ayusing manik-manik sing jenenge “kasut manek”. Variasi kebaya sing liyane dianggo wong Tionghoa Indonesia ning Cirebon, Pekalongan, Semarang, Lasem, Tuban lan Surabaya.
Kebaya Jaman Saiki
Kebaya ning jaman saiki uwis ngalami perubahan desain. Kebaya digunaake dadi seragam resmi pramugari Singapore Airlines, Malaysia Airlines lan Garuda Indonesia. Sing ngrancang sing melu gawe desain anyar keabya yaiku Anne Avantie lan Adjie Notonegoro.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar