Jumat, 12 Desember 2014

TRADHISI MITONI



Mitoni inggih menika saking tembung pitu ingkang tegesipun pitu (7). Upacara adat menika dipun wontenaken nalika ibu mbobot 7 wulan. Ancasipun kagem kasalametanipun calon bayi lan ibunipun utawa kagem nolak balak. Wonten ing daerah sanesipun, upacara menika ugi dipun namanipun tingkepan. Tegesipun jabang bayi umur 7 sasi menika anggadhahi raga ingkang sempurna. Dados miturutipun pangertenipun tiyang  jawa, padharannipun umur 7 wulan menika proses pangripatanipun manungsa menika sampun nata lan sampurna wonten ing wulan kaping 7.

TATA CARA MITONI
1. Siramanipun dipun lampahaken kalih tiyang sepuh.
2. Mlebetaken tigan pithik jawa wonten ing kain (sarung) calon ibu  saking padharan ngantos   pejah.
3. Gantosan nyamping kaping pitu, dipun kanthi kain pethak.
4. Medhot lawe utawi janur kuning ingkang dipun ubengaken wonten ing padharanipun calon ibu.
5. Calon embah saking calon ibu, nggendhong kelapa gadhing kalih dipun kancani kalih ibu besan. 
6. Upacara milih sekul kuning ingkang dipun lebetaken wonten ing takir kalih garwanipun.
Motif Nyamping Kagem Upacara Mitoni
ü  Wahyu Tumurun     
ü  Sido Asih
ü  Sido Mukti
ü  Truntum
ü  Sido Luhur
ü  Parangkusumo
ü  Semen Romo
ü  Udan Riris
ü  Cakar Ayam
ü  Grompol
ü  Lasem
ü  Dringin




Dhaharan wonten ing Mitoni
Ø  Bubur wernanipun  pitu
Ø  Tumpeng
Ø  Jajan pasar
Ø  Rujak buah pitung
           werna
Ø  Dhawet
Ø  Keleman
Wekdal Upacara Mitoni
Antawis wekdal tabuh 9.00 WIB ngantos tabuh 11.00 WIB calon ibu siram lan keramas ingkang resik. Kinten-kinten tabuh 15.00-16.00 WIB, upacara mitoni saget dipun wiwiti. Padatanipun dinten Rebu utawi dinten Setu, tanggal 14 lan 15 tanggal jawa. Ingkang nyirami calon ibu kaliyan garwanipun inggih menika tiyang sepuh utawi sesepuh desa ingkang sampun dipun pitados.
Perlengkapan ingkang dipun butuhaken:
Satunggal meja ingkang dipun tutup ngagem kain pethak resik, wonten ing nginggilipun ditutup malih kalih kain sindur, kain lurik, yuyu sekandhang, mayang mekak atau letrek, godhong dhadhap srep, godhong kluwih, godhong alang-alang. Bahan-bahan menika kagem lambaranipun wekdal siraman.
       Kain Sindur
      Kain Lurik
      Yuyu Sekandhang
      Letrek
      Godhong Dhadhap Srep
      Godhong Kluwih
      Godhong Alang-alang

Ubarampe sanesipun
      Bokor dipun isi pitung toya mata air, lan kembang setaman.
      Bathok (tempurung).
      Boreh.
      Kendhi.
      Kalih anduk alit
      Kalih setengah meter kain mori.
      Satunggal tigan ayam kampung dipun wadhahi plastik.
      Kalih cengkir gadhing ingkang dipun gambari Kamajaya lan Kamaratih utawi Arjuna lan Dewi Wara Sembodro.
      Ageman nyamping maneka warna, kalih meter lawe utawi janur kuning
      Ageman lan nampan kagem panggenan kebaya lan nyamping pitu, dan stagen dipun tata rapi.
       Ubarampe kejawen kakung kalih satunggal pasang kain truntum. Calon bapak lan ibu agemanipun lengkap kejawen, calon ibu rikmanipun dipun urai lan mboten angsal ngagem emasan.

Ubarampe selametan mitoni menika, dipun waosaken donga kagem kaselamatanipun sedaya keluwarga. Lajeng dipun nikmati kaliyan tamu undangan kalih ngunjuk dhawet ayu, supados kagem pungkasan. 




Tidak ada komentar:

Posting Komentar