TILAR PITHIK
Tilar
pithik wonten ing adiacara mantenan Jawa
Tengah, wonten ing daerah Magelang, Dusun Sawahan Pancuranmas, Kecamatan
Secang, Kabupaten Magelang. Wonten adat mantenan ingkang namanipun tilar pithik.
Tilar pithik menika dipun lampahaken bakda resepsi wonten ing manten estri.
Bakda adicara resepsi wonten ing manten estri kelar, manten estri lajeng dipun
dherekaken wonten ing dalemipun manten kakung kagem paserahan utawi seserahan
manten. Menawi saking pihak manten estri mboten saged langsung seserasan. Saged
dipun lampahaken benjangipun utawi dinten salajengipun. Menawi dalemipun
mempelai kakung nglewati jembatan. Biasanipun wonten proses tilar pithik.
Ingkang
dipun maksud tilar pithik menika, inggih menawi nglewati jembatan kedah ninggal
seekor pithik jawa. Seekor pithik jawa ingkang umuripun tasih enom lan dereng
ngendhok. Menawi nalika ndherekaken manten estri dhateng dalemipun manten kakung nglewati
kalih jembatan, lajeng wonten ing jembatan menika dipun paringi pithik
satunggal-satunggal. Sesuai kalih jumlah jembatan ingkang dipun lewati.
Proses tilar pithik menika mboten sembarangan.
Kedah dipun lampahaken kalih tata cara ingkang leres. Tilar pithik biasanipun
diselehaken bebas lan saged dipun pundhut kalih sinten kemawon. Anggeripun
mboten dipun pundhut kalih keluwarga saking manten kakung lan saking manten
estri. Tilar pithik wonten ing adicara mantenan anggadhahi ancas supados
mantenan menika saged langgeng, lan kagem nolak balak.
Proses
tilar pithik menika kedah dipun lampahaken. Amargi menawi mboten dipun
lampahaken, miturut nenek moyang utawi sesepuh rumiyin, mangkeh manten menika
saged angsal cilaka. Saged kadadean ing wekdal menika utawi wonten ing
panguripan mangkeh. Amargi tilar pithik menika nolak balak. Biasanipun proses
tilar ayam menika, kagem penghuni wonten ing jembatan menika.
Menawi
wonten ing adicara mantenan utawi wonten ing paserahan manten mboten nglewati
jembatan. Maka mboten usah mlapahaken adicara tilar pithik.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar